Wanodya Dermayu rupi-rupine wonten seratan ing kang lumayan sae. Wonten panggonan kusus teng ati masyarakat Indramayu kangge mahluk ing kang kasebat wanodya puniku. Golongan aliran kepercayaan Bumi Segandu utawi kawentare disebat Dayak Losarang malah ngagung-agungaken pisan dumateng mahluk wanodya. Golongan puniku ngajeni wanodya, keranten kepercayaanipun minangka titisan Ibu Ratu utawi Kanjeng Ratu.
Konsep ngajeni Kanjeng Ratu uga diibarataken ngajeni wontenipun siti (bumi). Bumi minangka wanodya ing kang nggadai sipat nglairaken, nyukulaken, lan ngopeni tetanduran utawi wiwitan sampe ageng lan wonten mupangate. Kepercayaan mekoten teng golongan Bumi Segandu ahire dipraktekaken sedinten-dintene. Wanodya diajeni lan aja dilelara, keranten wontene kauripan puniki asalipun saking kawontenane wanodya ing kang digambaraken dados konsep Kanjeng Ratu.
Ibarat bumi
Gambaran wanodya saged diibarataken bumi, uga wonten teng upacara-upacara adat desa. Wangi Indriya, salah satunggaling wanodya-seni Indramayu nganggep konsep puniku sampun wonten turun-temurun. ”Upacara adat ngarot teng Lelea, misale, niku ngormati pisan wontene bumi. Teng upacara puniku, lare-lare wanodya desa mbakta bibit-bibit tanduran. Lare-lare jaler mbakta alat pertanian. Ngumumaken yen usum tandur sampun mulai. Ngarot ngajeni pisan dumateng bumi ing kang sampun nyukani rejeki,” ujaripun dalang wayang kulit lan penari puniki.
Gambaran bumi ibaratipun wanodya diajeni teng pertunjukan kesenian. Upacara ngarot boten lepas saking pertunjukan kesenian wajib, yaniku tarian ronggeng ketuk. Penarie wanodya, nanging ing kang ningali tiyang-tiyang jaler. Sewalike, tarian topeng jaler, ing kang ningale tiyang-tiyang wanodya utawi istri. ”Pertunjukan kesenian lan tiyang-tiyang ing kang ningale mekoten minangka simbol kesuburan bumi,” cariosipun Wangi.
Nyatane simbol-simbol mekaoten uga sami dumateng upacara adat sanese teng desa, misale Mapag Sri lan Sedekah Bumi. Konsep bumi minangka wanodya ngrupiaken kesuburan urip ingkang gawe waras-bergas.
Seratan sae ing kang nyariosaken wanodya, uga wonten teng serat Babad Dermayu. Wonten wanodya ing kang naminipun Endang Dharma Ayu utawi Hindang Dharma Ayu. Wonten malih ingkang sebatan Hindang Geulis. Cariosipun Babad, wanodya puniku kawentar ayu, sakti mandraguna, pinter nenanduran, lan ahli ngajaraken elmu kanuragan. Upami digambaraken mekoten, kados-kadose wanodya puniku ngrupiaken wanodya idaman, ideal, lan impiane tiyang jaler sekabeh.
Dereng sejarah
Nanging ing kang namie babad, kados-kadose boten sami sareng sejarah. ”Cariosipun Endang Dharma maksih sipate babad. Ing kang namie babad, ya rada caket sareng karya sastra. Dereng saged langsung dados sejarah. Uga mekaten, babad saged dados sejarah upami didukung syarat-syarat sanese. Kula ningali babad utawi buku Sejarah Indramayu, dereng saged dados sejarah,” cariosipun Sulistijo, pengamat sejarah Indramayu.
Miturut elmu sejarah, proses sampe dados sejarah wonten tahapan-tahapane. Proses puniku milai saking heuristik (ngempulaken data ingkang ngrupiaken dokumen, ngunjungi situs sejarah, museum, wawancara saksi lisan), kritik (uji lan cek prasasti utawi dokumen sanese, niku asli atawa palsu, dipercanten atawa boten), interpretasi (kenyataan ing kang disusun dados wujud lan susunan ingkang mlebet teng akal, teras ditapsiraken wujud sejarahipun). Ahiripun diserat dados historiografi.
”Buku Sejarah Indramayu asalipun mung saking satunggaling babad, teras langsung diserat dados historiografi. Tahapan-tahapan elmu sejarah dilewati,” ujaripun Sulistijo.
Miturut Reiza Dienaputra (2006) legenda utawi babad upami bade diengge rekonstruksi sejarah, kedah dibersihaken krihin bagian-bagian ingkang sipate cerita rayat (folklore). Rupi-rupine buku Sejarah Indramayu (1977) kelawan buku Dwitunggal Pendiri Darma Ayu Nagari (2003) boten bebersih folklore wau, lan boten nglewati tahapan elmu sejarah.
Udan emas, udan watu
Nyariosaken wanodya Dermayu nyata-nyatane uga wonten ingkang boten sae. Penelitianipun Terence H. Hull (1997) nyebataken 11 kabupaten teng Pulo Jawa minangka sumber wadon-lacur. Salah satunggaling kabupaten wau, yaniku Indramayu. Penyebabe kemlaratan, pahame agama ing kang kirang, lan pendidikane sor pisan.
Upami ditambih malih asil saking Pusat Penelitian Kemasyarakatan dan Kebudayaan Universitas Indonesia (1989) wonten ubungan sareng masalah sosial-budaya. Penyebabe keranten kawin masih bocah, pasangan dipilih tiyang sepuh, gampang pegatan. Malah wonten tiyang sepuh ing kang seneng upami putrine pegatan teras kawin malih sampe katah pisan. Seolah-olah wonten daya tarik dumateng putrine. Ing kang cilaka, wonten malih anggepan tiyang sepuh ngidini putrine nglacur supados gampang ngilari yatra. Faktor puniki mlebete adeg-adeg moral ing kang sor pisan.
Teng zaman sengen, wonten tiyang sepuh ing kang nganggep seneng gadah putri sampun umur 15 taun, nanging sampun dados rangda ping katah pisan. Nanging tiyang sepuh boten seneng gadah putri sampun umur 20 taun, dereng kawin. Kenyataan puniki dados gawe kaboran teng masyarakat lan pamerentah. Sampe-sampe kepireng wonten macem-macem istilah, misale RCTI (rangda cilik turunan Indramayu).
Para aktivis masalah wanodya lan trafficking (dagang bocah utawi dagang wadon) teng Indramayu ngupayaaken masalah puniki dibrantas. Upaya puniki, misale dilakokaken Masrifa Salya lan rerencangane.
Rupi-rupine teng zaman saniki uga nasib kirang sae wanodya Dermayu maksih wonten. Teng desa-desa ing kang sampun dilebeti industri, nyatane boten sebanding sareng kesejahteraan masyarakat. Nyatane para wanodya seneng mabur teng negri sanese dados TKW (tenaga kerja wanita). Kerjane rata-rata dados PRT (pembantu rumah tangga) utawi babu utawi bujang. Masala sosial kena siksa majikan utawi boten dibayar kringete sampun kacarios sumebar. Masalah teng griyane putra-putrine kirang keurus utawi lakine kawin malih, sampun dados wewara biasa. Nanging, rupi-rupine wanodya wau sampun tekad ”luwih sae udan emas teng negri sanes, dibanding udan watu teng negri piyambek” (Supali Kasim)***
-dimuat di PR Edisi Cirebon
Tidak ada komentar:
Posting Komentar