Halaman

KISER Dermayon

WACANA & NURANI WONG INDRAMAYU

Minggu, 10 Juli 2011

Dermayu: Sengén, Saniki, Selajengé


Ningal gambaran Dermayu teng waktos sengén, katah pisan crita sengsarané urip kelawan pait-lederé nasib. Miturut seratan buku Sejarah Indramayu (1977), waktos taun 1933 saking sengsaranéé rayat, Bupati Indramayu R.A.A. Sediono kedah mudun teng désa-désa. Aja sampé teng zaman penjajahan Belanda puniku wonten rayat ingkang boten dahar. Aja sampé kadosdéné paribasa ”ayam mati teng lumbungé pari”. Bupati kedah kerja wekel lan boten ngraos pegel.


Nyatané teng zaman selajengé, sengsara lan pait-leder kados-kadosé ngintili nasib rayat.  Perkawis Dermayu kawéntar masalah sosial, ékonomi, lan kabudayan. Katahé tiyang pengangguran, katahé tiyang mlarat-bantat, pendidikan asor, derajat keséhatan asor. Malahan  sing awit taun 1960-an pada mlajeng urbanisasi teng Jakarta lan kota-kota sanesé.

Rubahé zaman, sing awit zaman penjajahan, kemerdekaan, orde lawas, lan orde anyar kados-kadosé boten pati ngrubah anggepan blésaké nasib. Saniki teng zaman réformasi, nasib rayat masih ketingal kangélan. Waktos debat cabup/cawabup teng Aula Universitas Wiralodra Indramayu, perkawis puniku rada ramé.

Asoré IPM
Cabup Moelyono Martono masalahaken angka Indéks Pembangunan Manusia (IPM) Indramayu sing asor pisan. Uga cabup sanésé, umpamané Uryanto Hadi, Toto Sucartono, lan Gorry Sanuri. Nanging cabup/cawabup Anna Sophana lan Supéndi nganggep IPM saniki radi munggah. Munggahé puniku ngloncat dibanding taun-taun sedéréngé. Tegesé, wonten kemajuan. Senajan ramé, nanging acara ingkang waktuné mung sekedap puniku, kadosé boten saged mastiaken pripun carané IPM nambih munggah.

Wontené Pemilukada, munculaken harapan, yen IPM sing awit sengén ketingal blésak puniku, kedahé dados saé. Nanging pengamat politik-pamréntahan, O’ushj.dialambaqa wiraos, kedahé diwiwiti saking ngobati penyakit umum Dermayu. ”Penyakité puniku méntalitas pemimpin, sing mentalé boten méntal negarawan. Mung sing dikatonaken puniku arogansi, intimidasi, ancaman. Pemimpin iku kedah negarawan, sing mentingaken warga sekabéh, sanés segolongan,” mekoten kocapé.

Rasa nduwéni
Wontené Pemilukada uga dados harapan rayat Dermayu sekabéh, bakal wonten bupati anyar ingkang saged mbakta rayat sejahtera. Harapan mekoten wajar mawon, napamalih ingkang maju puniku putra-putri Dermayu sedanten. Wonten harapan, yén ”wong déwék mah ana rasa nduwéni”.

”Sewaktu bupatiné wong déwék, pancen radi bénten. Buktiné Bupati H.A. Djahari, S.H. saged nangékaken Dermayu taun 1975-1980 lan 1980-1985 sing wauné ketinggalan terus. Sampé-sampé Dermayu angsal penghargaan Parasamya Purnakarya Nugraha, penghargaan paling inggil saking Présiden kangge kabupaten ingkang sukses selami setunggal Pelita (gangsal taun),” wiraosé Sulistijo, wargi Dermayu.

Waktu puniku katah pisan pembangunan sing ketingal, umpaminé Unwir, Tirtamaya, dalan-dalan, jembatan, sekolah-sekolah, hotél, méss pemda, lan pembangunan ingkang sipaté sanes pisik. Saniki, asil saking Pemilukada kedah saged nerasaken pembangunan ingkang sampun dirintis puniku, sembari nangékaken malih sumangeté wong Dermayu.

Sewaktu acara midang soré calon bupati ingkang digelar Dewan Kesenian Indramayu (DKI), ahir Juli teng Panti Budaya, sedanten calon dugi, kacuali Api Karpi. Perkawis macem-macem diobrolaken, umpamine nasib seniman tradisional, lagu-lagu Dermayon ingkang sampun kawéntar, museum ingkang déréng gadah, gedong-gedong tua ingkang kurang urus, sejarah Dermayu nyatané mung babad, lan icon Dermayu ingkang boten jelas.

Sedanten calon ngraos sanggup bebérés perkawis puniku. Sanés pembangunan pisik mawon ingkang badé diperhatiaken. Uga perkawis kabudayan, ingkang ngrupiaken non-pisik, sami priyoginé.

Dermayu sengén, katah tiyang boten dahar sampé kepatén. Dermayu saniki, katahé perkawis sing kedah ngarti. Dermayu selanjengé, kedah saged mbakta makmur-sejahtera kangge rayaté. (Supali Kasim)***


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

statistik