Istana Kerajaan sing kadoan katon ĕndah-asri. Kuta kosod abang-branang muteri pekarangan. Wit weringin ning tengahĕ katon pajeg-ajeg gawĕ wibawa kerajaan. Ning pinggiran kuta, ketapang karo pang-pangĕ sing godongĕ amba-amba krasa gawĕ adem. Kembang werna-werni ning taman kaya gawĕ bungah ning ati.
Sapa sing weruh, ning jero istana jarĕnĕ kaya banyu glodogan lagi umeb. Panas munclak-munclak sing ana ning atinĕ Prabu Radĕn Wirawiri. Kabĕh wong sing ana ning jero istana diprenguti lan disĕwoti. Ora ana lantaran lan ora weruh lantaranĕ, ujug-ujug Prabu prengat-prengut, pendelak-pendelik, menca-mencu gawĕ wong pada kĕder, pada wedi. Dudu sih kagĕt prilaku Prabu kaya kĕnĕn. Sebenerĕ wis mbuh seringĕ nyĕwot-nyĕwot kaya kĕnĕn. Nanging, sing dadi gawĕ kagĕt, kayanĕ sekiyen langka lantaran. Jagat lagi adem-tentrem, rayat lagi ramĕ panĕn, keluarga istana lagi seneng lan anteng. Ibarat kapal, langka ombak langka angin. Langka udan langka glĕdĕg. Kapal lagi kenceng-kencengĕ mlayu mbelah segara.
Perdana Menteri, para mentri, lan penasehat ngumpul ning pojokan istana. Ngrundingaken kenapa Prabu sĕwot. Semenit-rong menit, sepuluh menit-rong puluh menit, sampĕ sejam-rong jam, kayanĕ langka sing bisa nemuaken jawaban. Selama kiyen kaya-kayanĕ langka sing dadi masalah gedĕ. Upeti rayat lancar. Panĕn bagus terus. Pasar katon ramĕ. Wong dagang lan wong tuku ora sepi, malah sing negara sĕjĕn melu nimbrung. Pegawĕ kerajaan ningkat kasilanĕ. Pejabat kerajaan subur-makmur. Prabu katon seneng. Rabi papat gembleng-mayeng. Anak nembelas gawĕ tentrem. Putra Mahkota tambah pinter, tambah kasĕp lan sering mĕsem.
Terus, apa sing dadi sewotĕ Prabu?
“Kaya-kayanĕ negara langka masalah,” jarĕ Perdana Mentri sing rainĕ katon putek sedlemek, pusing seiring.
“Kaya-kayanĕ negara lagi bagus-bagusĕ. Kasilan munggah terus. Sekolah nambah akĕh. Kesĕhatan langka masalah. Negara sĕjĕn pada muji. Raja negara sĕjĕn pada iri,” omonganĕ salah sawijinĕ mentri sing ngurusi duwit.
Mentri urusan kawin-pegat-balĕn mĕlu ngomong, “Keluarga kerajaan kaya-kayanĕ ora masalah. Kabĕh kebagian dadi pejabat, sing awit tingkat dĕsa sampe tingkat…… Aih, amit, Bapak Perdana Menteri, kula rada lancang ngomongĕ. Nyuwun ampura.”
Perdana Mentri lan mentri-mentri sĕjĕnĕ rada mencilak. Sebabĕ, perdana mentri masih kepĕtung pamane, menteri-menteri akĕh sing kepĕtung ponakan, tunggal putu utawi sedulur sing warang. Pejabat sampĕ tingkat dĕsa masih kegolong sedulur, senajan sedulur adoh.
“Ari ngomong aja padu njeplak baĕ!” jare mentri urusan adem-tentrem.
“Aja gawe masalah sing ora-ora!” tambahĕ mentri urusan perdukunan lan pertabiban.
Menteri urusan rayat wareg uga mĕlu ngomong, “Yen krungu Prabu, sira dibuang ning pecantilan pinggir alas. Untung-untung beli dipecat!”
Ahirĕ penasĕhat kerajaan nengah-nengahi, “ Wis aja tukar, aja jogrĕg karo batur. Bisa-bisa nambah masalah, nambah ora karuan. Masalah sing sebenerĕ ora kecekel!”
Pancĕn penasĕhat, omonganĕ pantes dadi nasehat. Kabĕh pada mingkem. Terus penasĕhat ngomong maning, “Coba pikiraken omongan siji-loro rayat, sing selama kiyen mandengĕ sirik bae ning Prabu lan keluarganĕ. Ngomongĕ, Prabu kuh ka-ka-en. Korupsi. Kolusi. Nĕpotisme.”
Kabĕh masih mingkem, mikiraken sapa siji-loro rayat sing ngomongĕ lancang kaya konon. Sing ngomongĕ gaya-gaya wong sekolahan duwur. Sing ngomongĕ gaya-gaya negara Amerika. Sing ngomongĕ gaya-gaya ĕl-ĕs-ĕm internasional.
Penasĕhat ngomong maning tambah dawa, “Sebenerĕ wong-wong sing kaya konon kuh asalĕ sirik-pidik ning Prabu. Iri ananĕ negara tambah subur-makmur, tapi wong-wong kuen kuh ora kebagian korsi. Ora kebagian upeti. Terus ngomongĕ sing ora-ora. Ya korupsi-lah, ya kolusi-lah, ya nĕpotisme-lah. Wong-wong kaya konon kuh sebenerĕ salah dalan. Mungkin sekolahĕ ora tutug, ngajiĕ ora katam, luru ĕlmuĕ ora pragat. Ahirĕ ngacapara, ngomong sing ora-ora.”
Nembĕ sekiyen omongan Penasĕhat ora gawĕ adem ning ati. Malah krasa munclak-munclak. Ahire Perdana Menteri mĕlu ngomong, “Masalah mengkonon kayanĕ dudu masalah, Bapak Penasĕhat. Wis sing jaman bengĕnĕ, kudu ana sing kaya konon. Ana awan, ya ana bengi. Ana padang , ya ana peteng. Ana pendawa, ya ana kurawa. Bagĕn bae, wis lakone kaya konon. Sing penting, kula-kula kudu nyadari. Kudu bisa mbendung pengaruh wong-wong salah dalan keblinger ora kebagian korsi ora kebagian upeti kuh! Aja sampĕ bisa gawĕ pengaruh ning rayat!”
“Setuju. Kula setuju. Yen, bisa wong-wong kaya konon gagĕ dianjingaken bui!” jarĕ menteri urusan bui.
Kabĕh memang setuju. Apamaning sebenerĕ wis akeh wong-wong sing selama kiyen pinter ngomong, wis dianjingaken bui. Jumblahĕ sekitar likuran. Tamtu baĕ beli langsung dibui, tapi diadili dikit. Tuduhanĕ macem-macem, sebab sedurungĕ, digolĕti dikit salahĕ wong-wong mau. Nyatanĕ wong-wong mau ana baĕ salahĕ. Ana sing salah ora gelem bayar upeti setaun. Ana sing salah melu rapat, tapi rapatĕ beli lapor ĕr-tĕ dikit. Ana sing salah karna urusan warisan. Ana sing salah karna urusan rumah-tangga. Ana sing salah beli mĕlu kerja bakti ning dĕsa. Ana maning sing salah karna ning dalan ora nganggo hĕlem. Pokokĕ, pribĕn baĕ caranĕ diluru kesalahanĕ wong-wong mau. Sing penting ana alesan bisa manjing bui.
“Padahal Prabu kuh wongĕ ĕman, wongĕ loman, wongĕ beli tegelan. Tapi, dasar wong-wong mau memang ora tutug sekolahĕ, dasar males kurang kerjaan. Kerjaĕ mung bisa sirik-pidik ning kerajaan,” glendenganĕ Menteri urusan sato-kĕwan.
Mĕmang bener. Prabu Wirawiri keceluk ĕman, loman, lan ora tegelan. Kebiasaanĕ pas karo aranĕ, yaiku wira-wiri manjing-metu kampung lan dĕsa. Ning rayat katon eman pisan. Sering memaihan. Ning rayat, katon loman pisan. Sapa bae sing njaluk tulung, dipaih mangsa wurunga. Ning rayat katon ora tegelan. Senajan awalĕ sewot-sewot, baka wis dijaluk ampunĕ, Prabu ahirĕ ora tegelan.
Watek Prabu sing kaya konon uga diterapaken ning wong-wong sing awalĕ mandeng dĕwĕkĕ ka-ka-ĕn. Prabu beli nyĕwot. Wong-wong mau diundang ning istana. Diomong lan diajak bareng-bareng mbangun negara. Mbuh pribĕn awitĕ, weruh-weruh wong-wong mau balikĕ pada gemuyu lan mĕsem-mĕsem. Ning kantongĕ katon nyempul segepok duwit. Dina-dina selanjutĕ, wong-wong mau ana sing dadi ponggawa. Ana sing dadi pengawas perusahaan istana. Ana sing dadi ustad istana. Ana sing dadi wartawan istana. Ana sing dadi ormas istana. Pokokĕ serba-istana, serba mbela-istana.
Mung siji-loro sing ora bisa ditawari duwit, ditawari proyek utawi ditawari jabatan. Alesanĕ macem-macem. Tapi, alesan apa baĕ, Prabu ora pĕngĕn ngrungokaken. Prabu wis tutup kuping, tutup mata, lan tutup ati nganggo wong kaya konon. Dijoraken baĕ. Baka ngomongĕ macem-macem lan gawe umeb ning negara, tinggal diluruh kesalahanĕ, diadili, lan manjing bui. Bĕrĕs!
Terus, apa sing dadi sewotĕ Prabu?
Prengat-prengut, pendelak-pendelik, menca-mencu ning sekabĕh wong ning isatana. Rabi papat langka sing bisa ngademaken. Anak nembelas ora bisa gawĕ nentremaken. Putra Mahkota mung bisa mbleger. Kaya kaku-ngejejeng ning pinggiran taman.
Ning pojokan istana, rapat dadakan Penasĕhat karo Perdana Mentri lan mentri-menteri sĕjĕnĕ kaya-kayanĕ bubar dĕwĕk. Langka putusan, langka jawaban. Rai pada katon pating prengut. Cangkem pada katon mbecucu. Awak pada katon lemes-dedes.
Rupanĕ, tanpa weruhĕ para pejabat negara, Prabu Wirawiri metu sing istana. Wira-wiri muteri kampung-kampung, dĕsa-dĕsa. Prabu bĕbas wira-wiri muteri negara. Gawĕ kagĕt pejabat tingkat dĕsa. Gawĕ kagĕt pejabat istana sing kelangan Prabu. Mendi paranĕ, mendi lunganĕ.
Sedawanĕ dalan, Prabu ngglendeng terus-terusan. Seturutĕ dalan, Prabu ngomong kaya ora karuan. “Pejabat istana bli ngerti-ngerti. Bisane mung ndodok korsi, terima gedene gaji, manggut-manggut nerima instruksi, jarĕ dĕwĕkĕ paling ngerti! Ana serangan lawan, beli katon. Aja-aja, pura-pura beli katon! Yĕn raja digenti, aja-aja pejabat pada mencelat ngĕloni lawan!”
“Keluarga pĕngĕnĕ urip seneng. Duwit kebek, pekaya gawe tentrem. Bisanĕ mung plesar-plesir, jagat ning endi bae pĕngĕnĕ mampir,” glendenganĕ Prabu, tamtu baĕ ora krungu.
Ana sing dadi grundelan ning ati. Dĕwĕkĕ ngrasa wis bisa makmuraken rayat, majuaken negara. Tapi, kenangapa para pejabat lan ponggawa beli ngerti-ngerti? Kenangapa beli paham, yen Prabu iki titisan Gajah Mada, sing bisa gawe nyawijiaken nusantara? Kenangapa beli gagĕ didukung nyaploki negara-negara sĕjĕn, dadi negara gedĕ-amba se-nusantara dipingpin Maharabu Wirawiri?
Ya, wis waktune dudu Prabu maning. Wis wayahe dadi Mahaprabu. Mahaprabu Raden Wirawiri mingpin pirang-pirang negara. Pirang-pirang negara bisa dibagi-bagi kanggo rabi-rabinĕ, kanggo anak-anakĕ, kanggo ponakan-ponakanĕ.
Tapi, pribĕn caranĕ?
Ya pribĕn bae caranĕ!
Pesisir Dermayu, 22 Maret 2010
Tidak ada komentar:
Posting Komentar