Halaman

KISER Dermayon

WACANA & NURANI WONG INDRAMAYU

Kamis, 14 Juli 2011

Sebatan Diri teng Dermayu Dening: SUPALI KASIM




Teng wewengkon Dermayu wonten kekususan kanggé nyebat diri badan piyambek. Umumé dikenal sebatan réang. Nanging sampun sawon, nyebat diri éeang puniku mung kanggé tiyang utawi laré jaler. Kanggé tiyang utawi laré éstri, nyebat diriné inggih punika kita. Lha, kenging punapa boten sami?


Mungkin mekoten unik lan kekususané basa. Boten wonten ingkang ngatur, nanging sami-sami maklumi. Wonten sipat ingkang dinamiaken konvénsi, sami-sami nyetujui lan sepakat keranten kebiasaan awit sengén. Mekaten uga sebatan réang kanggé jaler lan kita kanggé éstri.

Perkawis asal-usul tembung puniku, sampé seniki déréng wonten ingkang nylusuri. Nanging wonten wartos saking réncang ingkang ngaku mirengaken obrolan teng wewengkon Banyumas (Jawa Tengah) lan pegunungan Tengger (Jawa Timur). Rencang kula, Sulistijo, mirengaken obrolan warga teng pedusunan Banyumas, wonten sebatan diri kanggé tembung réang. Uga mekaten réncang kula, H. Yatna Supriatna, mirengaken obrolan warga teng Tengger kanggé sebatan réang.

Wonten malih ingkang nyebataken, tembung réang punika ngrupiaken tembung sing awit zaman sengén utawi kuna. Upami disambung sareng warga Tengger ingkang asal-usulé saking burak-santaké Kerajaan Hindu-Buddha Majapahit, mungkin boten saking zaman puniku? Malahan wonten pengertian tembung, nanging mungkin mawon kirata-basa, tembung réang puniku asal-usulé saking réh marang hyang. Wonten maksad sembah sujug dumateng Kang Kuwasa.

Sebatan diri liyané teng wewengkon sanésé pancén dimaknani sembah sujud dumateng Kang Kuwasa. Sebatan teng wewengkon Pasundan, abdi, dimaknani ngabdi dumateng Gusti Allah Ingkang Maha Kuwasa. Uga mekaten teng wewengkon sanésé, umpaminé teng Melayu (saya, sahaya), Minangkabau (ambo, hamba), Jawa (kula, kawula).

Perkawis sebatan réang teng Dermayu, nyatané boten sedanten désa-désa ingkang wonten teng Indramayu. Sebatan sanésé uga wonten. Teng wilayah kota , nyebaté kita. Teng pedusunan Krangkéng katah pengaruh saking Cerbon, dados nyebaté isun. Teng Indramayu kilén (Kec. Patrol, Sukra, Anjatan, Haurgeulis)  katah warga ingkang nyebaté nyong, keranten asal-usul tiyang sepuhé saking Brebes-Tegal. Teng Paréan Kec. Kandangaur nyebaté kola, ngrupiaken basa Sunda-Paréan. Teng dusun-dusun wates Pasundan, umpaminé teng Kec. Gantar, nyebate abdi utawi sim kuring.***



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

statistik