Halaman

KISER Dermayon

WACANA & NURANI WONG INDRAMAYU

Minggu, 10 Juli 2011

Si Kera Nantang Si Kura


Dongeng
Si Kera Nantang Si Kura
                 
            Enjing-enjing niku, wonten si Kura siweg mlampah-mlampah, ngilari dahar. Keleresan piyambke kepangggih sareng rencange, yaniku si Kera. Uga, si kera niku siweg ngilari dahar teng inggil wiwitan.
            Wiraose si Kera, ”Hai, Kura!!! Hai, Kura!!! Siweg punapa? Lami, nggih, kula boten kepanggih sampeyan?”

            Si Kura kaget wontene swanten wau. ”Nggi, sinten ya?”
            Si Kera mudun saking wiwitan, malah rencang wau salaman. Ruket pisan. Si Kura kelawan Si Kura aire ngobrol ngaler-ngidul.
            Lami-lami obrolan wau rada rame. Gelise cerita, bobade kanda, lan gancange dongeng, Si Kera ujug-ujug nantang  Si Kura. “Hai, Kura, purun boten sampeyan sareng kula ngadu kesakten?”
            Si Kura rada kaget, “Maksude pripun? Kesakten punapa? Kula boten ngertos.”
            ”Wiraose rencang-rencang, sampeyan kuh gadah kesakten. Dados, kula pengen nantang sampeyan!”
            ” Ah, boten. Cape sinten? Kula niki mahluk bodoh. Cape sinten kula sakti kuh?” jawabipun Si Kura.
            Rupine Si kera tetap pengen nantang Si Kura. Si Kera pengen njajal. Si Kura boten purun, keranten piyambeke boten gadah kesakten. Si Kera tetap maksa, terus maksa, terus-terusan nantang, sampe ahire Si Kura kepaksa nglayani tantangan Si Kera.
            ”Nah, adu kesaktene meketen. Kula mlebete teng tumpukan kajeng. Sampun mlebet teng tumpukan kajeng. Teras, tumpukan kajeng wau dibakar,” njelasakene Si Kera.
            Si Kera kelawan Si Kura teras ngempalaken kajeng, wonten kalih tumpuk, ingkang kangge mbakar badan piyambek. Sesampune kajeng wau saged dikempalaken, Si Kura wiraos dumateng Si Kura, ”Sampeyan krihin ingkang dibakar!!! Mengkin gentosan, kula.”
            ”Lha, ingkang ngejak kan sampeyan? Ya, sampeyan krihin!” jawabe Si Kura.
            Si Kera njawab malih, ”Pantese sampeyan krihin, Kura!!! Soale kula ingkang ngejak!”
            Ahire Si Kura nurut. Piyambeke selerese rada gemeter, soale upami dibakar geni niku, ya panas! Senajan mekoten, Si Kura tetep purun ditumpuk sareng tumpukan kajeng wau.
            ”Awas, ya, upami kula keprok-keprok, sampeyan kedah njawab! Artose sampeyan masih wonten lan urip. Upami boten njawab, artose ya boten urip!” wiraose Si Kera.
            “Nggih,” jawabipun Si Kura.
            Si Kera pripun? Piyambeke rupine seneng, keranten taktik licike pengen mbunuh Si Kura bade saged kelaksana. Si Kura bade dibakar piyambeke. Byar!!!! Kajeng wau disuled. Genie mbrudag-mbrudag!
            Si Kera keprok-keprok!!! Saking tumpukan kajeng wau, Si Kura njawab, ”Ya !!!”
            Rupine, pikire Si Kera, geni wau dereng sampe dugi melebet, nembe teng inggil kajeng mawon.
            Rada lami, Si Kera keprok-keprok malih. Eh, Si Kura maksih saged njawab, ”Ya, Kera!!”
            Pikire Si Kera, rupine geni dereng dugi teng badane Si Kura.
            Ngentosi rada lami, sampe geni mbakar kajeng sedanten, Si Kera keprok-keprok malih. Rupine boten wonten jawaban. Dikeproki malih, boten wonten jawaban. Si Kera rada seneng, ”Nah, boten wonten jawaban, artose....”
            Eh, ujug-ujug wonten swanten saking Si Kura, ”Ya, Kera!!!”
            Si Kera kaget, lha..... Kura masih saged urip!?
            Sampe geni wau boten wonten malih, kenyataane Si Kura saged medal saking tumpukan kajeng ingkang dibakar wau. Badane boten kebakar lan boten panas. Masih seger-buger! Waras-urip!
            Si Kera kaget, pikire ”Kenging punapa sampe Si Kura boten kebakar?”
            Piyambeke rada deg-degan, keranten seniki gentosan piyamebke ingkang bade dibakar. Si Kera mikir, geni wau boten panas. Buktine, Si Kura mawon boten kebakar. Ahire piyambeke ditumpuk kajeng. Tumpukan kajeng wau dibakar.
            Geni mulad-mulad mbakar kajeng. Si Kura keprok-keprok, dijawab Si Kera, ”Ya!!!”
            Rada lami, Si Kura keprok-keprok malih, jawaban Si Kera kadose rada kepanasan, ”Ah... ya, ah....ya! ya! Ouph, ouph, panas!”
            Si Kura rada kaget lan melas, wontene jawaban saking Si Kera wau. ”Eh, Kera, pripun??? Panas tah? Panas tah??”
            Jawaban Si Kera, ”Ouph, ouph, panaaaaaashh!! panaaaaaashh !! Tulung, tulung, tulung!!”
            Ahire Si Kura nendang tumpukan kajeng wau. Geni gage disiram toya. Teng lebet kajeng wau, Si Kera kepanasan, ”Tulung, tulung, tulung!!!”
            Si Kera ngrangkul Si Kura. “Adu panas, panas, kula ngaku kalah! Kula ngaku kalah! Sampeyan pancen sakti!” wiraose Si Kera.
            Jawabe Si Kura, ”Ya, sampun, sampun. Kula boten gah sakti. Kula ga biasa-biasa mawon. Boten pernah ngajak-ngajak adu kesakten!”
            “Nggih, Kura, kula nyuwun pangampura, nggih?”
            ”Nggi, sami-sami.”
            Rencang kalih wau ahire salam-salaman malih. Si Kera nangis, keranten badane kepanasan. Si Kera taken dumateng Si Kura, saktie Si Kura angsal jimat saking pundi?
            Jawabe Si Kura, ”Kula boten gadah jimat, napa malih sakti. Sewaktos geni mulad-mulad, kula uga kepanasan. Panas pisan. Dados, kula damel gowok. Kula mlebet teng gowok wau.”
            Si Kera kaget, oh pantesan. Piyambeke senajan saged mlempat-mlempat teng wiwitan ingkang inggil, tapi boten saged damel gowok.***



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

statistik