Halaman

KISER Dermayon

WACANA & NURANI WONG INDRAMAYU

Kamis, 14 Juli 2011

Sumebaré Basa saking Tembang déning SUPALI KASIM



 
Kadosé boten klalén sewaktos tembangé H. Abdul Ajib, Warung Pojok, kawéntar se-nusantara awit ahir dasawarsa 1960-an. Malahan sampé nyebrang teng negri-negri sanésé. Ahiré, sanés tembang klawan penembangé mawon ingkang dikenal. Uga, ingkang dados alat pengucapé, inggih punika basa Cerbon.


Basa, minangka salah satunggaling wujud kabudayan, saged nunjukaken wontené ciri khas kauripan warginé. Basa, uga saged dados penanda antara kabudayan setunggal lan sanésé. Warung Pojok kados-kadosé nyukani kawruhan wontené tembung, ukara, utawi paramasastra lan kasusastran Cerbon.

Wujud basa mekéten, tamto mawon, bénten sareng basa Sunda, senajan Jawa Barat paling katah ingkang nganggé basa Sunda. Tembung kelawan ukara ingkang dienggé uga boten lumrah digunakaken teng Jawi Wétan. Basa Cerbon sampé Dermayu, Blanakan (Kab. Subang), lan Cilamaya (Kab. Karawang) mung wonten kalih tingkatan: basa pasaran (padinan) lan krama (bebasan).

Suku bangsa sanésé teng Indonesia kadosé ngenal basa Cerbon saking tembang-tembang. Utaminé saking tembang tarling. Teng zaman seniki, munculé téknologi organ tunggal utawi trio organ taun 1990-an, nambih katah wonténé tembang-tembang basa Cerbon. Kasét utawi CD ingkang gampil didamel dados alat sumebaré tembang basa Cerbon sampé pelosok nusantara.

Tembang basa Cerbon kadosé ditrima tiyang suku sanésé. Tembang-tembang Cerbonan nambih dikenal. Pencipta tembang katah ingkang muncul. Penembang ningkat bayaran. Basa daérah uga milet ditepangaken.

Sayangé, maksih wonten tembang-tembang ingkang boten mlebetaken werna-werni kasusastran. Padahal, basa Cerbon sugih macem-macem kasusastran, sing awit paribasa, wangsalan, parikan, jawokan, lan sanésé. Maksih wonten tembang ingkang sipate latah. Upami wonten tembang ingkang laris teng pasaran judulé sato-kéwan, sanésé milet judulé sato-kéwan malih. Perkawis mekoten, tamtu mawon boten kreatip. Padahal seniman puniku tiyang ingkang saged nggadahi karya saking daya rasa, karsa, lan cipta. Tegesé kedah kréatip, sanés dados buntut mawon. ***
Des 2010
PR Edisi Crb

1 komentar:

statistik