Halaman

KISER Dermayon

WACANA & NURANI WONG INDRAMAYU

Kamis, 14 Juli 2011

Sumebaré Islam teng Cerbon



Sami sareng wewengkon sanésé teng Pulo Jawa, sedéréngé agama Islam mlebet teng Cerbon, Hindu-Buddha ngrupiaken agama wargi lan agama resmi kerajaan. Sampé kinten-kinten abad kaping-16 Kerajaan Majapahit ingkang nguasai Jawa teng bang wétan sampé nengah lan Kerajaan Sunda teng bang kilén, ngrupiaken kerajaan Hindu-Buddha ingkang ageng.

Kahanan teng wewengkon Cerbon ugi sami. Sumber tradisional “Purwaka Caruban Nagari” nyebataken, wontené nagri-nagri alit teng wewengkon Cerbon. Nagri-nagri ingkang agamané Hindu-Buddha wau inggih punika Surantaka (pusaté seniki teng sekitar Désa Kraton Kec. Cirebon Utara), Singapura (pusaté seniki teng sekitar Desa Sirnabaya Kec. Cirebon Utara), Japura (seniki sekitar Kec. Astanajapura, Sindanglaut, lan Ciledug), Wanagiri (seniki sekitar Klangenan Kab. Cirebon), Rajagaluh (seniki sekitar Kec. Rajagaluh Kab. Majaléngka), lan Talaga (seniki sekitar Kec. Talaga Kab. Majalengka).

Sedéréngé Islam dados agama resmi teng kraton-kraton Cerbon, nyatané sampun sumebar teng wargi. Duginé para ulama teng Cerbon kaserat ngrupiaken awal-mula Islam mlebet. Tamtu sanés mung dugi mawon. Para ulama ugi nyebar agama Rasulullah puniku teng selebeté wargi biasa sampé para Ki Gedéng. Taun 1418 dugi para tiyang sadéyan saking nagri Campa teng nagri Singapura. Teng rombongan puniku wonten ulama ingkang wastané Syeh Hasanudin bin Yusuf Sidik utawi Syeh Quro. Ulama puniku selajengé mindel teng Karawang ngadegaken Pesantren Quro.

Syéh Nurjati
Taun 1420 dugi ulama Syéh Datuk Kahfi utawi Syéh Idofi, adi ipe Sultan Sulaiman saking Baghdad. Diizini Ki Gedéng Tapa, penguasa teng Singapura, ahiré mindel damel pesantren teng Kampung Pasambangan Giri Amparan Jati. Sampé seniki ugi kawentar sareng sebatan Syéh Nurjati.

Sejarawan Prof. Dr. Nina H. Lubis wiraos, sumbangan Syeh Datuk Kahfi kanggé sumebaré Islam ageng pisan. “Bukti arkeologisé wonten, inggih punika petilasané wonten teng pundi-pundi. Teng Indramayu ugi wonten teng Désa Pabean Ilir Kec. Indramayu. Petilasan puniku sampé seniki dijaga kuncén ingkang ‘SK’né saking Kraton Kasepuhan,” wiraosé sewaktos teng petilasan Syeh Datuk Kahfi.

Mila mekaten, sejarawan Dr. Mumuh Muhsin Z., nyebataken radi angél métani lan ngoceki pribadi Syeh Satuk Kahfi. “Sampe seniki, wontene saking sumber tradisional. Nanging, seratan-seratan sanésé lan wiraos para wargi nyebataken Syéh Datuk Kahfi utawi Syéh Nurjati,” ujaripun Mumuh sewaktos Seminar Sejarah Cerbon, teng Hotél Apita Cerbon (5/8).

Agengipun nami Syéh Nurjati kadosé angsal kahormatan saking akademisi. Buktiné Institut Agama Islam Negeri (IAIN) Cerbon mendet nami Syeh Nurjati. Sewaktos maksih STAIN nganggé nami Sunan Gunungjati, nanging nami puniku sampun dienggé IAIN teng Bandung. Ugi nami Syarif Hidayatullah sampun dienggé IAIN teng Jakarta.

Milai sumebar
RH Unang Sunardjo (1983) nyebataken, Islam milai sumebar sesampuné para ulama puniku dugi teng wewengkon Cerbon. Ugi para Ki Gedeng katah ingkang ninggalaken agama sedéréngé. Ditambih malih wontené putri Ki Gedeng Tapa, inggih punika Nyi Subang Larang ingkang sinau ngaji teng Syéh Quro Karawang selami 2 taun.

Subang Larang wau selajengé nikah sareng Raden Pamanah Rasa, putra Prabu Siliwangi, ingkang mbésuké dados raja teng Pajajaran. Para putra-putri lair saking pasangan puniku, Raden Walangsungsang, Nyi Mas Rarasantang, lan Raja Sengara.

Tiga kakang-adi puniku kasebat teng seratan Sejarah Cerbon sinareng sumebaré Islam teng wewengkon Cerbon lan Jawa bagian kilén. Subang Larang pejah sewaktu putra agengé umur 17 taun. Walangsungsang teras medal saking kraton Pajajaran disusul adiné, mindel teng griya pendéta Buddha, Danuwarsih teng sekitar Priangan Wétan. Putri pendéta wau, Nyi Indang Geulis, ahiré nikah sareng Walangsungsang.

Selajengé Walangsungsang sareng istri lan adiné sinau ngaji teng Syeh Quro selami 3 taun. Sesampuné tamat Walangsungsang angsal wasta ingkang awis, inggih punika Ki Somadullah. Piyambeké dikéngkén mbika tanah ingkang awis teng Kebon Pesisir utawi Tegal Alang-alang, seniki kasebaté Lemahwungkuk. Teng riku sampun wonten ingkang sampun mbika tanah, inggih punika Ki Danuséla, ingkang kasebaté Ki Gede Tegal Alang-alang. Danuséla puniku ngrupiaken adiné Ki Danuwarsih utawi pamané Indang Geulis.

Désa puniku gelis pisan megaré. Tiyang-tiyang saking manca-nagri samia dugi, nggih punika saking Jawa, Sunda, sampé Arab, Cina, lan India. Ki Danuséla minangka pemingpin désa ugi disebaté Kuwu. Sebatan Kuwu puniku kados-kadosé sampun lumrah. Buktiné Tunggul Ametung sedéréngé wonten Kerajaan Singasari kinten-kinten taun 1200-an sampun nyandang sebatan Sang Akuwu. Ugi sebatan kraton Pajajaran, inggih punika Pakuan, asalipun saking tembung Pa-kuwu-an.

Selajenge sumebaré Islam diupayakaken dumateng katah pemingpin. Di antawaisipun Ki Kuwu Sangkan utawi Pangéran Cakrabuana utawi Cakrabumi utawi Walangsungsang utawi Ki Somadullah, ugi keponakané inggih punika Syarif Hidayatullah utawi Sunan Gunungjati, lan para Wali Sanga. (Supali Kasim)***
    

















Islam Periode Sgpura:
-          1415 berlabu di Singapusa armada Te Ho dari Cina sekre Ma Huang / Dampuawang, kawin dgn Nhya Rara Rudra, sdr Ki Gd Tapa.
-          1418 dtg di Spura pdgg dari Campa, terdapatSyekh Hasanudin bin Yusuf Sidik, tinggal lalu ke Karawang, mendirikan Pes Quro, jd Syeh Quro.
-          1418 pi K Gd Tp, Nay Subang Larang pulang dari Malaka bersm Nhay Rara Rudra & Dampuawang 2 thn, disuruh bljr Islam di Quro. 2 thn kembali.
-          1420 datang romb ulama Syeh Datuk Kahfi adik ipar Sultan Sulaiman di Baghdad alias Syeh Idofi 12 org.. Dulu mungkin singgah di Sumatera sehingga ada gelar Datuk, krn sejak 1200 di Pasai & Malaka sduh berdiri Ker Islam. Menetap di Singapura di Kp Pasambangan di Giri Amparan Jati.
-          1422 pi Ki Gd Tapa Nhay Sbg Lrg menikah dgn Rd Pmnh Rasa. Kelak jadui rj pajajarn. Lair 3 org: Wlgsungsng, rarasantang, Raja Sengara.
-          1422 Rd Pmnh Rs memimpin Sgpura bertempur melawan Japura, menang, Jpur digabung.
-          1418 k gd tp sd mmluk is krn sud berknln dg sh qr dan sy dtk khfi. Izn menetap kpd Sy Dtk Khf. Pduduk Spura banyak memeluk Islam.
Islam periode Caruban Larang:
-          Sbg Lrg dibyong ke ist Glh  ke ayaanda Pmnh Rasa, krn 1474 Pajajaran berdiri, Pakuan ibukotanya.
-          Lhir 3 anaksdh usia 17 th, Sbg Lrg wafat. Wlgsungsang meninggalkjan sistana disusul adiknya Rarasntg. Singgah di rumah Danuwarsih, pendfeta Budha di Priangan Timur. Kumupul dgn Rarasntg.
-          Wlgsngsang menika dgn Nhay Indsang Geulis, putri Danuywarsih.
-          2 kakakadik itu ke Quro. 3 thn bljr Islam
-          Tamat diberi nama Somadullah,. Dianjurkan buka lahan baru dan mendirikan tempat tinggfal di kebon Pesisisr atau tegal Alang-alang di tepi pantai sebelah timur Pasambangan, kl 6 km dari Pasambangan. Sekrg nama Lemahwungkuk.
-          Sdh ada pemukiman penguasanya Ki Danusela alias Ki Gd Tg Alang2, adik Ki Danuwarsih, atau pamannya Indang G.
-          Pemukiman cepat berkembang, didatnagi suku bangsa Sunda, Jawa, Aerab, Cina Camruban /cxampuran.
-          Ki Danusela disebut Kuwu. Wlgsungsang Pangraksabumi, Ki Cakrabumi Cakrabuana.

1 komentar:

statistik