Supali Kasim
Piwulang
dadia angin!
nylusup ning sekabeh panggonan
nyriwingaken rasa. Tan pinilih golongan
yen kaula dadi banyu. Dalan sing dipamba
senajan sing duwur, mlayu mengesor
tetep ngibungi wong cilik ning esor!
yen dipaksa muncrat menduwur, balik maning mengesor
becik maning yen jiwa sejembare segara
nrima segala rupa. Segala rasa ditrima
dudu bae banyu bening lan iwak pating klibir
butek-ledreg sampe bathang uleren
kentir lan dibasuh segara!
apa maning yen kaula milih bumi
nyukulaken tanduran, nggedeaken wiwitan
tapi, ora ngarepaken ngunduh!
aja ngresula yen badan dipaculi lan diedek-edek
dadi grijogane makhluk sekabeh
padanga lan panasa kaya srengenge!
nguwur-uwuri urip. Nguri-uripi sekabeh
tapi, yen wulan dadi pilihan
bisa gawe kaendahan. Manisaken woh-wohan
krasa sreseh lan sayang
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Arep Matur ning Sapa?
arep matur ning sapa, yen sedulur lan batur wis lawas ora duwe mata
ora bisa ndeleng wereng lan walangsangit ngrubung sawah
ora bisa mandeng segara kesiram oli menteh lan lenga
ora bisa ngimpleng kantor lan sekolah sing wis dadi pasar bursa
ora bisa nyakseni lakone urip sayah lawas tambah lara
arep ngobrol ning sapa, yen kenalan lan tangga wis lawas ora duwe kuping
ora bisa ngrungokena njerite gudel dipaksa nyosoni kebo gering
ora bisa ngrungokena tangise jaran dipaksa mlayu sampe njengking
ora bisa ngrungokena sesumbare macan, sing sebenere mung kucing
ora bisa ngrungokena urip sayah lawas tambah akeh wong miring
arep kabor ning sapa, yen landa lan cina wis lawas ora duwe ati
ora bisa mbedaaken werna ireng lan kelawu, tapi dianggepe putih
ora bisa ngrasa duit asale sing rayat, dianggape murag sing wong sugih
ora bisa mbedaaken wong kerja iku menusa, dudu satoan atawa mesin mati
ora bisa ngrasa yen urip sayah lawas gawe wong duwur pengene dilayani
arep wadul ning sapa, yen wong pinter lan wong wani wis ora duwe cangkem
ora bisa ngomong, ketutup kenang duwit segepok dadi mingkem
ora bisa protes, ketutup kenang proyek, jagat panas dianggepe adem
ora bisa ngresula, diupai hadiah, bisae mung kari mesem
ora bisa ngglendeng, awale gadag-gidig ahire diatur apa bae gelem
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Katresnan, 1
melumahe bumi, mengkorebe langit
semelumahe ati sing megar abang mawar
semengkorebe batin sing upleke cucrupan kumbang
jeroe segara, adohe jagat ning ara-ara
sejeroe rasa katresnan sing dadi bungah
seadohe ambekan sing kelaya-laya
suwunge alas, jembare jagat ngarat-ngarat
sesuwunge wujud kangen sing kependem lawas
sejembare rasa suka-trima sing gawe melas
semriwingi angin, seademe sorote wulan
sesemriwinge rasa kraket sing gawe ruket
seademe jiwa-raga wong loro sing dadi sawiji
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Katresnan, 2
ning sor langit abang saga
jagat sedina-dina krasa ngentak-entak ketiga
sauwise dibakar srengenge sangang taun
badan kaya lumer batin munclak dadi mbleber
wiwitan kaya baris kaku ngejejeng
godong-godong lan suket ijo geseng-rumpeng
sedawane dalan ati, jantung, lan wedel blaratan
wis wayae muragaken rasa kangen lan kelingan
kayadene wulan gawe bumi padang-linglang
tapi rambut, lambe, lan jriji krasa atis nggigil
senajan sedelat, anane garaan gawe jagat krasa mencil
: srengenge mengkorebi wulan karo katresnan
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Katresnan, 3
bumi kaya mandeg muter
srengenge bli ngingser-ngingser
angin, ombak, wiwitan, lan gunung pada mbleger
nyakseni wong loro, endase mblenger
nglakoni katresnan sampe klenger
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Katresnan, 4
ning towang dalan krasa suwung pisan
bagen jriji, badan, ati kita kraket dadi siji
langit ning duwur gawe seneng kelawan muji
--apa maning sing kudu diomongena--
wis lawas Kang Kuasa maringi tresna
kita wong loro mung ketiban genah
manjing tengah kota suwung masih krasa
bagen gumebyar damar sewu padang pisan
mubil, motor, beca sladat-sludut ning dalan
--apa maning sing kudu ditawan--
yen sikil kaya kepater derese udan
kaya kepulut aci sejembangan
rasa suwung kita gawe sumedot dada
bagen ati lan rai katone bungah
tanduran pari wayahe megar ning sawah
--apa maning sing kudu dienteni--
sayah lawas ati bli bisa dipungkiri
kapan bae waktune dadi sawiji
pikiran mangmung nambah rasa suwung
bagen ati dadi siji angel pisan nrabas alangan
yen bli kuat sesambat wong loro dadi edan
--apa maning sing kudu diimpeni--
rajeg ning arep, guri, lan iringan wis dadi geni
burak-santak mbakar mbrudag ning dami
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Nglakoni Urip
-ngangge: raja-raja cilik
Nglakoni urip, pengene terus-terusan menang
Dadi seri, dadi jagoan, dadi pahlawan
Malah yen bisa lan kudu bisa, lakah lawan
Yen ana lawan, sedurunge maju, dikempesi ning dalan
Nglakoni urip, pengene terus-terusan ngatur
Dadi pemingpin, dadi priyayi, dadi wong duwur
Malah yen bisa lan kudu bisa, lakah sing bisa ngatur
Yen ana sing ngatur, sedurunge ngatur, dilorod sampe kejebur
Nglakoni urip, pengene terus-terusan enak
Mangan enak, rabi enak, korsi enak
Malah yen bisa lan kudu bisa, lakah sing gawe blenak
Yen ana sing blenak, sedurunge blenak, aji mumpung masih enak
Nglakoni urip, pengene bli digenti-genti, bli mati-mati
Yen digenti, masih ana ponakan, ana sedulur misan, ana adi
Yen mati, gentie ana anak, ana mantu, ana rabi
Yen ana wong sejen pengen nggenti, sedurunge nggenti, digawe mati!
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Apa Maning sing Kudu Ditutupi?
senajan wangi pandan lan menyan
apa maning sing kudu ditutupi
yen bathang satoan wis sumebar nembus langit kaping pitu
nembus kabeh galaksi sampe tatu
udan grigis kaya nangis getih gleceran
nibakaken jaman sing wis sekarat kadal
srengenge ora wani mencorong
kayadene madep rai mungkur ati
yen agama dienggo mung waktu sembayang
yen dirgama dienggo mung waktu hajatan
yen elmu mung dadi petetan lan pajangan
senajan banyumata mbluruk sewayah-wayah
apa maning sing kudu ditangisi
yen ning gedong sekolah sampe gedong pemrentah
beli beda pira karo ning sajerone pasar
guru-guru luwih seneng adol buku, klambi, lan sepatu
munggah jabatan kaya nganyang barang sing diobral
ana rega ana rupa, setaun-rong taun kudu balek modal
taun-taun mengarepe luru bati lan sedan
wis manjing ning jantung, ati, lan otak menusa
apa maning sing kudu digetuni
kabeh kemaruk mbebadog mangsa wurunga
ning sedawane dalan kebo-kebo pada nyusu gudel
lakah wirang lakah isin, lakah wedi lakah pratin
kiai, wali, lan nabi kaya mung dadi wacaan sejarah bengen
lindu, abrasi lan tsunami ora dadi pertela
senajan ati sing bening beli krasa kesingkir
kejayan urip pasti ana akhir
ning sajerone jagat buana, apa maning sing dibutuhaken
yen dudu kafan, tataban lan maesan
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Sing Umah Marani Sekolah
--sing umah marani sekolah
bocah-bocah bleput sikile, njadel badane, belek matane
jarene luruh kebagjan kanggo sangu urip ning pengarepe
sing awit mambu kencur sampe mambu pupur
sapa sing bisa nyangka takdire sing Duwur
rikala nambah umure lan nambah elmune
munggah pangkat lan derajat
dadi keprage tetulung masyarakat
--sing umah marani sekolah
bocah-bocah nyokor sikile, wuda badane, polos raine
jarene luru elmu mbari bisa maca lan nulis
lan ngetung lan kanggo sangu urip ning mbesuke
sapa sing weruh ning zaman mengarep
rikala arta-benda, pangkat lan jabatan bisa nyirep
kaya dene ngimpi kena erep-erep
dalan padang lan lurus katone peteng-dedet
--sing sekolah marani dalan-dalan
ning sor klebet abang lan putih
ning kumandange lagu lan puja-puji
lan donga waras-urip dunya-akerat
sing kadoan bocah-bocah katon gede
suwe-suwe dadi wong gede
suwe-suwe rumangsa gede
tambah suwe klalen kamanungsan, klalen kabecikan
--sing dalan marani kantor, pabrik, pasar, lan sejene
bisa maca, sing diwaca mung tipue Welanda
bisa nulis, sing ditulis mung akale iblis
bisa ngitung, itungane batur rugi, deweke untung
dadi pinter, wis pinter dadi kuminter
pancen urip kaya ning sor langit wayah bengrep
sandyakala nggragas, srengenge mingslep
sedelat maning buta-kala mangani bocah-bocah sampe sregep
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Puisi Perih kanggo Widadari
sore iki, sun masih tetep ngenteni
seklayabe slendang werna-werni
gelaran layung ning langit abang geni
bagen srengenge atis kemulan mendung ireng
manuk, kupu, kinjeng kaya balik bareng
angin lan gledeg gawe pandengan nambah peteng
: sun nyebut aran ira, krungu sejagat raya!
sore iki, sun masih tetep duwe demen
sekuwayang lambe abang sing mesem
bening mata lan ati gawe adem
bagen jaman wis molak-malik gawe sengsara
obahe jagat lan menusa klalen asale sapa
wong cilik kegencet nambah kelara-lara
: sun nulis aran ira, sampe entok mangsi sesegara!
sore iki lan sore-sore sepengarepe
aran ira kaya njempling ning langit paling duwur,
ning segara paling jero, ning alas paling adoh
nanging mendung ireng lan gledeg bungeng
angin pucat lan udan barat, dalan lan kali dadi siji
jagat sing ngarat-arat krasa supek lan sedlemek
: sun krasa tatu balung lan sumsum!
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Ngulati
ning sajerone pasar sing krungu kumandang
wong dagang nggegalek barang
wong tuku pada nganyang
uga duwit segepok gawe rerame pisan
: sekiyen sepi-nyanyep kaya dene pejaratan
ning sajerone kali sing krasa kedung
iwak, yuyu, welut betah ora keduhung
banyu bening liwate jukung
wong mancing melu ngrubung
: sekiyen cetek lan butek kaya pikiran mangmung
ning sajerone padepokan sing krasa sepi
ustad lan kiai kelangan santri
para pendita pegot cerita
guru-guru angel digugu lan ditiru
: sekiyen bocah-bocah pada mlayu ning tipi
ning sajerone dunya sing bisa nyirep ora karuan
gawe wong-wong pada melu edan
apa maning wong sing wis edan
anggepane yen ora edan, ora keduman
: sekiyen tambah edan ngluwihi wong edan ning dalan-dalan
kepriwen lelampahe jagat iki
: keder ning dalan, mandeg ning towang?
kepriwen mlakue menungsa iki
: kesasar ning ara-ara, sing akeh merkayangan?
duh Gusti,
kaya entok ceceluk suara
kaya garing banyu mata
kaya bli kuat tangan lan jriji mbuka
nyuwun ampun lan ampura
dodokaken dalane menungsa
: dudu dalane sato-kewan
apa maning wewe lan gulang-gulang
Cerbon, Juli 2007
Supali Kasim
Pugase Pelesir ning Pesisir
ahire lelampahe badan kaya kesered sumliwir angin
pelesir bebungah ati, mata, cangkem, lan weteng
nanging ning pesisir iki
kaya kesedot marani puser bumi
kaya kegawa ngulati jati diri
dalan, sawah, gunung, lan umah-umah
kisik, ombak, segara, lan jukung-jukung
uga dalane nasib sing awit waktu cilik
mung bisa dideleng sing kaca jero ati
mung bisa dirasa sing beninge jero batin
ning Muara Jati, ana lelamunan wong siji iki
sampe sumedot nelangsa badan
ngulati geni sing mercuasuar
mung suara sepi kelawan semedi
kembang setaman kaya muteri ning Gua Sunyaragi
keraton-keraton ning tengah ati
katon ning mata pengen dipareki
seklayab zaman semana
mung klangenan sing nyata
kemboja lan melati, sumebar aruma wangi
banyu bening mbluruk sing kendi
ning pejaratan karuhun lan wali
kaya pugase jagat ning pelesir iki
badan mung sawiji, arep miyang mendi?
Cerbon, 2007
Supali Kasim
Mung Siji sing Diarepaken
kaya dene srengenge esuk
angin lan ombak segara
pada-pada ngenteni
lakone urip ning dina iki
blarak kelapa, wit cemara, godong-godong gedang
mung ngawe-awe
netesi banyu udan sewengi
sapa sing duwe gawe ning dunya iki?
jagat sing ora ana pragate
ngomongaken napsue menungsa
lan sato-kewan
dina genti dina, wulan nambah wulan
taun-taun kaya mlaku ning dalan
apa masih kaya kenen, nglakoni urip
kaya drama ning panggung tarling
ana mrengute, akeh meseme
ana asihe, uga tukare
kaya dene srengenge
setia muteri jagat
mung siji sing diarepaken
aja pegot ning harapan
aja klalen ning Pengeran
Dermayu, 2007
Supali Kasim
Katresnan, 4
ning towang dalan krasa suwung pisan
bagen jriji, badan, ati kita kraket dadi siji
langit ning duwur gawe seneng kelawan muji
--apa maning sing kudu diomongena--
wis lawas Kang Kuasa maringi tresna
kita wong loro mung ketiban genah
manjing tengah kota suwung masih krasa
bagen gumebyar damar sewu padang pisan
mubil, motor, beca sladat-sludut ning dalan
--apa maning sing kudu ditawan--
yen sikil kaya kepater derese udan
kaya kepulut aci sejembangan
rasa suwung kita gawe sumedot dada
bagen ati lan rai katone bungah
tanduran pari wayahe megar ning sawah
--apa maning sing kudu dienteni--
sayah lawas ati bli bisa dipungkiri
kapan bae waktune dadi sawiji
pikiran mangmung nambah rasa suwung
bagen ati dadi siji angel pisan nrabas alangan
yen bli kuat sesambat wong loro dadi edan
--apa maning sing kudu diimpeni--
rajeg ning arep, guri, lan iringan wis dadi geni
burak-santak mbakar mbrudag ning dami
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Republik Sega Aking
kiyen iki republik sega aking
negri subur-makmur gawe wong duwur keuwur-uwur
nanging aja takon, yen udan rendeng gawe kelem
banjir ning umah, dalan lan sawah
banyu kali lan banyu mata mbluruk sewayah-wayah
nanging aja takon, yen wayah ketiga ngentak-entak
tela ning sawah nambah mletak
urip sengsara gawe paila
pari kena bapuk, utang nambah numpuk
orea lan puradan larang, gabah kaya kebuang
ning koran lan tipi, pa gubernur lan pa menteri
nyalahaken rayat, jarene alam ora direrawat
kiyen iki republik sega aking
negri aman-tenteram gawe wong sugih ngrasa dieman
nanging aja takon, yen wong ning sor jumpalikan
luruh seperak-rong perak kudu pasang badan
anak ning umah dina kiyen durung tamtu mangan
akire dalan sing dipamba parek-parek setan
begal, copet, maling, gento lan sejene
kaya nggal dina dadi berita rame
dina kiyen ana sing lagi mikir mangan apa
ana maning sing mikir kudu mangan sapa
ning koran lan tipi, pa jaksa lan pa pulisi
nyalahaken rayat, jarene kudu diukum berat
sapa sing gelem disalahaken
republik wis lawas, urip krasa masih ngeden
nelangsa badan nemen-temen
sapa sing bisa disalahaken
kaki-buyut umure nanjak satus enem
sampe presiden wis genti ping enem
sega aking empan bebek, dipangan menusa gelem
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Sesambat
aja maning umah lan sawah
wis lawas cangkem lan mata
digadeaken sing jero istana
dadi selembar borek urip ning dunya
tangan lan sikil wis lawas kari aran
diadol lan diitung ijenan
kayadene dengkil ning pasar sato-kewan
ati lan jantung embuh mendi digawa
otot lan getih wis tanpa krana
--apa maning sing dadi duwene kita?
pirang-pirang taun lan abad
etungan ora pragat-pragat
padahal tritis lan grimah
wis lawas diobral murah
blandongan lan pawon dadi grijogane wong sing jaba
sampe teka ning jobong peturon dipamba-pamba
yen nangis, banyumata wis garing-ngringking
yen jerit, suara wis ora bisa njempling
kaya ngenteni blarak garing rigel ning lemah
--apa maning sing dadi duwene kita?
kaya-kayane lakah sing duwe melas
sampe tikus ning lumbung pesta pari lan beras
banyu lan sega wis kena endrim lan portas
sayah lawas ambekan kaya senen-kemis
kena angin bengi awak tambah atis
apa kaya kenen dadi wong ana ning esor
ora duwe wani, ora bisa lapor
aran mung disebut sewaktu madep ngalor
aja-aja, dudu nasibe badan kita bae
--aja-aja, nasibe negara uga pada bae!
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Nang, Aja Sampe
nang, wingi kembang suket ning pinggir kali
pada megar kesiram udan sewengi
yen aruma kelawan werna gawe adem ati
kenangapa kudu luruh kembang sing jagat endi-endi?
nang, sekiyen mandenga sing galengan sawah
kelingana sewaktu tandur, matun, lan molah
yen pari sedelat maning gawe berkah
kenangapa luruh sesenengan sing gawe mutah?
nang, sukiki srengenge pasti mencorong
nggawa kebagjan urip ning sekabeh uwong
yen sugih lan pangkat dadi abong-abong
durung tamtu kesejaten urip manjing umah gedong!
nang, mbesuk yen jaman tambah umeb
jagat krasa panas campur anyeb
pirang-pirang perkara krasa numpuk lan anteb
aja sampe agama lan drigama ning ati mari nanceb!
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Kesejaten
kaya-kayane wis taunan lara ning jiwa bli dirasa
wis wulanan nangise batin bli metu njaba
kebule kukus Jaman Kaliyuga unggal minggon unggal dina
jam-menit-detik kepaksa nyedot awa tengike dunya
bungenge kuping
pait-ledere ilat
mumete endas
ngos-ngosane napas
apa sampeyan masih ora krasa?
kaya-kayane wolak-walike jaman wis lawas bli dirasa
pirang-pirang abad sing liwat, sejarah bli diwaca
ukara lan tembung, welan pisan nulisaken Jaman Kalatidha
sing bener ora ketenger, sing salah malah dipuja
jahat, munggah pangkat
apik, kepaksa ditampik
lanang, ilang kaprawiraane
wadon, ilang kawirangane
apa sampeyan masih ora krasa-krasa?
kaya-kayane kesejaten urip mung ana ning aksara
mung ana ning duwur langit gawe bebeja
Jaman Kalabendu bladas-bludus ning bumi angkara
comberan ireng-geteng nggregogoti kapribaden menusa
duit dadi utama
kuasa dadi berhala
wong jawa kari setengah
cina-landa kaya karo somah
apa sampeyan masih ora krasa uga?
Dermayu, 2008
Supali Kasim
Ning Tungtume Jagat
ning tungtume jagat
kedok menusa abang-branang kaya Klana
mlakue blagah, mbebadog sewayah-wayah
omongan sing metu mung kari cemera, babi, lan buaya
rajae ngalas kaya berokan
garang, pating gebyor, lan bringas
ambeke gede, pengen ngeleg gunung mbari mancal endas
wadyabala dadi cecunguk
dolanan clurit lan golok luruh wadal
belatung, ula, lan menyawak rebutan batang satoan
akeh mayid dibedel wetenge
isie aspal, brangkas, lan wiwitan alas
ning tungtume jagat
rasa-rasane bumi sayah lawas sayah mengkeret
ning jero ati damar cempor wis lawas mati
prilaku menusa mung kari anguse
wangur lan ireng blegedeg!
Dermayu, 2008
Reang iki:
Supali Kasim, lair ning Juntinyuat Indramayu, 15 Juni 1965. Nulis puisi, cerpen, kolom atawa esai ning koran. Kumpulan puisi (bahasa Indonesia) bareng batur-batur ana sing dibukuaken, yaiku “Kiser Pesisiran” (1995), lan “Dari Negeri Minyak” (2001). Buku sejene yaiku “Wong Dermayu Ngomong” (2001), “Tarling: Migrasi Bunyi dari Gamelan ke Gitar-suling” (2002), “Seni Tradisi Indramayu: Fenomena dan Dinamika” (2004), lan sing lagi dipragataken “Cinta yang Keras Kepala: Apa & Siapa Sejumlah Seniman Tradisional Indramayu”.
Deweke ngalami dadi wartawan, yaiku ning “Pikiran Rakyat Edisi Cirebon” (sekiyen dadi “Mitra Dialog”), taun 1992-1999 lan koran-koran sejene. Toli maning dadi redaktur ning korane Pemkab Indramayu, “Mulih Harja” (2003-2005). Kiyenge gawe hajatan seni, sastra lan budaya sejene, utawane lomba maca puisi, cerpen, seminar sastra, sejarah, sampe nggelar seni-seni tradisional.
Kiyenge maning ngompori batur-batur ambir aja nglamun bae. Tenimbang turu sore, ning kampunge gelem dadi Ketua Karang Taruna (1988-1992) sampe-sampe gelem maning dadi Ketua Dewan Kesenian Indramayu (DKI) taun 2001-2004, Sekbid Kebudayaan PGRI Kab. Indramayu 2006-2011, Wakil Ketua Lembaga Basal lan Sastra Cerbon (LBSC) 2007-2011. Ngalami maning manjing ning kelompok sastra Kreasi (1983-1984), Fokus (1991-1992), Tim Budaya PR Cirebon (1993-1995), Forum Sastra Indramayu (1994-1995).
Sekiyen rada minggir, mencil, lan nyepi mbari angon bocah-bocah ning sekolah sing melosok, SDN Sambimaya III Kec. Juntinyuat Indramayu. Sekiyen ngalih ning SDN Limbangan II.. Mbari melu ngelesi dadi Ketua KKKS (Kelompok Kerja Kepala Sekolah) ning pinggiran mau. Taun 2008 kepilih dadi “Kepala SD Berprestasi Tingkat Kabupaten Indramayu”Umahe ning Griya Paoman Asri, Jl. Jati 7 Indramayu, telp. (0234) 273351, HP 085224102317
Tidak ada komentar:
Posting Komentar