Halaman

KISER Dermayon

WACANA & NURANI WONG INDRAMAYU

Minggu, 12 Juli 2009

Cerita Cindek "Peteng Dedet"

Cerita Cindek SUPALI KASIM: Peteng-dedet

Teng tengah wana, Saida lan Saeni ahiripun dipun tilar Mang Sarkawi. Pancen maksadipun mang Sarkawi, sampun niat mbucal lare kalih wau. Keranten Mang Sarkawi nuruti wanodya anyare utawi mbok walon lare kalih wau, supados Saida lan Saeni dipun bucal.

Saida lan Saeni, dalu puniku maksih ngentosi bapane teng tengah wana, boten nduga bapane mbucal putra-putri kakang-adi puniku.

Saeni ngucap dateng kakangipun, ”Kang Saida, langit ketingale cemeng, peteng-dedet! Lintang lan wulan ketutup mendung. Boten ketingal napa-napa. Mung kakang lan wit-witan ingkang ageng-ageng mawon. Sampun tebih-tebih sing kula, Kang.”

Saida njawab, ”Nggih, Saeni. Kakang uga ngraos mekoten. Kadose niki kih, wana ingkang tebih saking griya utawi saking dedusunan. Wontene wit-witan ageng mawon, lan suwanten-suwanten sato-kewan mawon.”

Saeni njerit, ”Kaaaaang! Saeni-e wedos, Kang! Sampun tebih-tebih, Kang!”

Lare kalih wau sami rerangkulan, sami tetangisan teng tengah wana. Lami-lami Saeni ngelih ngombe. Ilat lan cangkemipun kraos garing. “Kang Saida,” wiraosipun Saeni, “Saeni pengen ngombe, Kang! Sing wau boten wonten toya. Saeni ngelih ngombe, Kang!”

Saida njawab, “Ya, mpun, mengkin Kakang nhilari toya krihin, nggih? Saeni tek tinggal krihin, nggih?”

”Nggih, kang. Sampun lami-lami, ya Kang!” jawabe Saeni.

Dalu peteng-dedet boten wonten lintang, boten wonten wulan, lan boten wonten sinten-sinten, mung Saeni mawon teng tengah wana. Ngentosi kakange ingkang siweg ngilari toya, lantaran Saeni ngelih ngombe pisan, cangkemipun garing, ilatipun garing!

Mendung cemeng teng inggil wana kraos damel wedos. Wit-witan ageng ketingale kados memedi ingkang mesam-mesem, mringis-mringis, lan cengar-cengir. Damel ati Saeni mbregidik!

”Kaaaaaaang! Saeni-e wedos Kang! Saeni-e wedos, Kang!” njerite Saeni teng tengah wana teng dalu peteng-dedet puniku.

Nanging mlampahipun Saida, mbuh pundi parane. Ngilari toya kangge ngombe adie, nyata-nyata dereng kepanggih mawon.

“Kaaaaaaaaaaaaaang! Saeni-e wedos, Kang! Saeni-e wedos, Kang!” jeritan Saeni kados mbelah bumi sejagat-raya. Jeritan wau boten wonten ingkang njawab, boten wonten ingkang nyauti. Ingkang njawab lan nyauti mung suwantene piyambek.

Saida dereng mawon dugi, dereng mawon ketingal. Menit gentos menit, jam gentos jam, sampe medal semburat layung enjing teng langit, teng inggil wana wau. Wana ingkang biasane kraos adem, gawe ati Saeni kraose panas pisan. Srengenge ingkang biasane kraos anget, gawe badan Saeni kraose trelep-trelep. Mlampahipun Saeni seturute dalan setapak ingkang wonten wana. Melebet krasak-krusuk teng alang-alang, teng pinggir wit-witan, teng suket ijo royo-royo. Nanjak-mudun, planggak-plenggok tanpa maksad lan tujuan. Tapak-tapak suku alit kraos pegel, nanging Saeni boten mandeg, boten ngaso, teras mlampahaken sukue ingkang sampun bleput lan kotor.

Srengenge tambih lami tambih panas. Badan sayah lemes-dedes. Nanging Saeni teras mlampah nanjak-mudun, planggak-plenggok, krasak-krusuk kayadene mbabad wana ingkang masih prawan. Teng inggil langit ahire srengenge kadose kraos pegel piyambek. Mencoronge mulai liyep-liyep. Teng kilen, srengenge wau mulai surup, nanging layung sonten damel werna-werni ingkang abyor pisan dipandenge. Badan Saeni kraos lemes-dedes, balung-balung kraos pada copot. Ahire Saeni pingsan teng andap wit ageng. Teng selebete pingsan, rupine saeni kados ngimpi.

”Eh, Nok Saeni, mriki-mriki! Pundi mawon? Kakang ngilari, nok Saeni boten kepanggih mawon,” wiraosipun Saida, ingkang wonten teng selebete istana kerajaan. Rasukanipun Saida sae pisan, keranten Saida sampun dados raja teng istana wau.

Saeni kaget! Nanging kagete boten lami, keranten Saeni uga rasukane sami sae. Saeni minangka putri kerajaan ingkang diiirng para embok-emban. ”Nggi, Kang. Wau Saeni nembe pisan dolan-dolan, mlampah-mlampah teng taman istana. Saeni seneng pisan, katah sekar werna-werni, wit-witan ageng damel ayem, toya ingkang mancur-mancur saking gunung. Kupu, kinjeng, lan manuk pating sliwer.

Kakang-adi wau sami-sami mesem, seneng pisan.

”Saeni, tangi, Nok! Saeni, tangi Nok! Niki toyane. Kakang sampun dugi, Nok. Kakang sampun mbakta toya, Nok. Saeni ngelih, kan?”

Suwanten Saida gawe Saeni njenggelek tangi. Saeni mandengi kakange, mandengi piyambeke. Diawiti malih, mandengi kakange, teras mendenge piyambeke. Nyata-nyata, rasukan raja utawi putri kerajaan lan istana, ical sing pandengan. Ingkang wonten, nyata-nyata maksih teng tengah wana!

Lare kalih wau boten ngertos dibucal teng tengah wana. Peteng dedet.***

Griya Paoman Asri Indramayu,

dalu Saptu 13 Juni 2009

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

statistik