Halaman

KISER Dermayon

WACANA & NURANI WONG INDRAMAYU

Minggu, 12 Juli 2009

Sastra Cerbon teng SD

Sastra Cerbon/Dermayu
lan Wulanganipun teng Sekolah Dasar

dening: SUPALI KASIM

A. Purwaka
Wewengkon kabudayan Cerbon/Dermayu dianggepe dumateng tiyang Sunda mangrupa bagianipun wewengkon Sunda. Miturut tiyang Jawa (Tengah) benten malih, yaniku mangrupa bagianipun wewengkon Jawa. Pripun ujaripun tiyang Cerbon/Dermayu?
Tiyang Cerbon/Dermayu nganggep piyambeke sanes Sunda lan sanes Jawa. Tiyang Sunda dianggepe ”wong gunung”, upami tiyang Jawa (Tengah) dianggepe ”wong wetan”. Pengertosanipun saking pandengan meketen tamtu mawon wonten asal-usul lan alesane.

Teng mangsa-mangsa saniki seolah-olah ditegesaken malih, yen wewengkon kabudayan Cerbon/Dermayu niku memang sanes Sunda kelawan sanes Jawa. Kaping satunggal, wontene mata pelajaran muatan lokal teng sekolah-sekolah ing kang nglebetaken basa daerah. Teng Cerbon diwulang Basa Cerbon lan teng Dermayu diwulang Basa Dermayu, sanes Basa Jawa utawi Basa Sunda. Malahan teng Dermayu wonten dasare, yaniku Keputusan Kakanwil Depdikbud Provinsi Jawa barat No. 849/102/Kep/A/94. Tahun 2003 wonten Peraturan Daerah (Perda) Jawa Barat nomer 5, yaniku isie mengenai miara lan nglestariaken basa, sastra, lan aksara daerah teng wewengkon Jawa Barat.
Kaping kalih, basa daerah miturut Perda wonten tiga, yaniku basa Sunda, basa Cerbon, lan basa Melayu-Betawi. Wontene Perda niku negesaken malih, yan teng wewengkon Cerbon sanes Jawa lan sanes Sunda.

B. Basa lan Sastra Cerbon/Dermayu
Wontene Perda wau gawe wewengkon kabudayan Cerbon mangrupa wewengkon piyambek. Basa, sastra, kesenian, adat-istiadat, lan bagian kabudayan sanese mangrupa wewengkon khas ingkang diakui dumateng Perda niku. Wontene pengakuan niku selerese taksih wonten pitakenan-pitakenan teng ati, ”leres boten sih Cerbon/Dermayu kuh wewengkon kabudayan piyambek? Sanes Jawa utawi Sunda”
Pitakenan puniki diubungaken sinareng basa Cerbon/Dermayu ingkang diengge sampe mangsa saniki, dianggep bagian saking basa Jawa. Upami diubungaken sareng wewengkon Sunda, Cerbon niku bagian saking sejarah Sunda, lan alesan-alesan liyane. Awit-awit lan asal-usul sejarah sampe basa ingkang diengge teng wewengkon Cerbon, diantawisipun:
1. Kerajaan Cerbon ngadeg taun 1428 M, ingkang dirintis dumateng Sunan Gunungjati.
2. Basa Jawa Kuno didadosaken basa resmi teng pamrentahan lan rayat sekabeh.
3. Lingkungan pendidikan (pengguron lan pesantren ngangge basa Jawa)
4. Wontene kakuasaan Mataram, kedah miturut tata krama Mataram, nanging kenyataane teng
masyarakat boten sami. Basa ingkang dados pitutur masyarakat yaniku dipate bebas saking aturan, rada mbuka saking basa sanese, lan campuran basa daerah liyane.
5. Teng Dermayu awit abad 16 Wiralodra saking Bagelen, niku laskaripun Mataram, ingkang
basanipun Jawa. Nanging, teng masyarakat sampun campur antara basa Jawa sareng basa
sanese saking daerah liyane.
Buku ”Kesusastraan Cerbon” (Untung Raharjo, 2005) njelasaken, karya sastra teng wewengkon Cerbon saged dibagi-bagi miturut mangsane. Sing awit mangsa Cerbon Kuna sampai saniki (modern, kontemporer), yaniku:
1. Mangsa Cerbon Kuna
Perkiraane sing awit perobahan mangsa Hindu meng zaman Islam nyebar teng Jawa Barat sampe wontene gotrasawala ingkang diwontenaken Pangeran Wangsakerta (abad 15 sampai 17). Kosakatanipun katah ingkang dipendet saking basa Sansekerta. Karya sastranipun teng mangsa puniki angrupa maceme:
- Kakawen
- Kidung
- Gugon Tuwon
- Jawokan
2. Mangsa Cerbon Tengahan
Perkiraane sing awit awal taun 1700-an sampe ahir 1800-an. Gejalae wonten pengurangan ngangge basa sansekerta utawi basa Kawi. Katahe pengaruh saking lingkungan sekitare, yaniku kosakata lan dialek. Karya sastranipun teng mangsa puniki angrupa maceme:
- Macapat
- Perlambang / Pralampita
- Sandisastra
- Sasmita
- Panyandra
3. Mangsa Cerbon Anyar
Perkaraane sing awit tahun 1800-an sampe tengahan 1900. Basa Sansekerta lan Kawi sampun manunggal sareng basa lingkungan sekitar (Jawa). Hal mekonten akibat pengaruh pendidikan formal teng wewengkon Cerbon (SR, SMP, SGB, lan SGA) disukani pelajaran basa Jawa, ingkang guru-gurune katah saking Jawa (Wetan). Karya sastranipun teng mangsa puniki angrupa maceme:
- Wangsalan
- Parikan
- Paribasa / Pribasa
- Sanepa
- Ukara Sesumbar
- Basa Prenesan
- Basa Rinengga / Rineka
4. Mangsa Cerbon Modern
Perkiraane sing awit taun 1950 sampe saniki. Teng mansa puniki wonten tembung-tembung anyar ingkang asalipun saking basa gaul. Karya sastranipun teng mansa piniki angrupa maceme geguritan. Wonten geguritan ingkang wonten patokane, misale saking macapatan, wonten malih ingkang boten wonten patokane, yaniku puisi bebas.

C. Wulang Basa lan Sastra Dermayu/Cerbon teng SD
Basa lan sastra Dermayu sampun dados mata pelajaran muatan lokal awit tahun 1994 ing kang diresmiaken wontene Keputusan Kakanwil Depdikbud Provinsi Jawa barat No. 849/102/Kep/A/94. Sederenge diwontenaken Seminar kelawan Lokakarya, ing kang ngasilkane naskah kurikulum muatan lokal bahasa daerah Indramayu kangge SD sareng SMP teng wewengkon Kabupaten Indramayu. Asil seminar sareng lokakaryanipun direkomendasikaken dumateng Prof. Dr. Yus Rusyana minangka pembimbing, pengarah lan penanggungjawab kegiatan ilmiah niku.
Taun 2003 wonten Peraturan Daerah (Perda) Jawa Barat nomer 5, yaniku isie mengenai miara lan nglestariaken basa, sastra, lan aksara daerah teng wewengkon Jawa Barat (basa Sunda, basa Cerbon, lan basa Melayu-Betawi). Wontene Perda niku seolah-olah basa Dermayu boten mlebet utawi boten diakui teng Jawa Barat. Atanapi upami diselusuri, basa ing kang dimaksad niku formale kasebat basa Cerbon. Wastanipun ”Cerbon” sanes ngrupiaken wewengkon administratif pemerintahan daerah, atanapi luwih cocoge wewengkon kultural (kebudayaan). Wewengkon kebudayaan niku diantawisipun masalah basa, sastra, kesenian, adat-istiadat, sejarah, upacara tradisi, lan sejenise. Karena Dermayu, Cerbon, lan wewengkon sekitare sami utawi memper lan mirip dumateng kegiatan kebudayaane, saged diartiaken, yen wewengkon niku maksih se-wilayah kultural, ing kang kasebate wewengkon kultural Cerbon.
Dados, mulang basa Dermayu teng sekolah niku sami artie kalian mulang basa Cerbon miturut Perda nomer 5 tahun 2003. Napa malih wonten rekomendasi saking Pusat Kurikulum, Depdiknas, 14 – 16 Mei 2007, yen basa daerah niku diengge dumateng basa daerahe piyambek utawi setempat.
Standar Komptenesi lan Komptensi Dasar Mata Pelajaran Basa lan Sastra Dermayu sumberipun dumateng hakekat mulang basa lan sastra. Hakekat mulang basa yaniku mulang lare-lare supados trampil wontene komunikasi. Mulang sastra, hakekatipun lare-lare diwulang masalah kemanusiaan lan nilai-nilai uripe menusa. Komunikasi diwontenaken teng macem-macem cara, misale lisan (micara, maos, mirengaken) utawi tulisan (nyerat).
Tujuan umum mulang basa lan sastra Dermayu niku, diantawispun:
1. Lare ngregani lan ngrasa, yen basa Dermayu/Cerbon niku ngrupiaken salah satunggaling basa daerah teng wewengkon Jawa Barat, uga ngrupiaken ”basa ibu” dumateng masyarakat Dermayu/Cerbon.
2. Lare paham tujuan, isi, lan fungsi basa Dermayu/Cerbon, uga saged narapaken kelawan leres lan sae miturut tujuan, peryoginipun, lan suasananipun.
3. Lare ngggadahipun niat lan disiplin nggunaaken basa Dermayu/Cerbon supados nunjang kemampuan intelektual, emosional, lan sosial.
4. Lare saged nikmati lan wontene mupangat karya sastra kangge ningkataken kawruh lan kemampuanipun nggunaaken basa Dermayu/Cerbon, utamine megaraken kapribadian lan njmebaraken wawasan urip.
5. Lare ngregani lan ngrasa seneng dumateng karya sastra Dermayu/Cerbon ing kang ngrupiaken khasanah budaya lan intelektual menusa Dermayu/Cerbon.

D. Standar Kompetensi Lulusan
Standar Kompetensi Lulusan SD/MI dumateng mata pelajaran basa lan sastra daerah niku wonten sekawan aspek, yaniku:
1. Mirengaken
Saged mirengaken, yaniku mahami lan ngrespon teng maceme wacana lisan ing kang rupi-rupi dialog, di antawisipun maos puisi (sajak), wangsalan, mantra, lan sanese kelawan maos prosa (dongeng, cerpen, novel, berita, biografi, basan, lan artikel basa Dermayu/Cerbon).
2. Micara
Saged micara, yaniku saged medalaken pikiran, perasaan, lan kepengenan ing kang ngrupiaken dialog, wawancara, micara, wewara, nelepon, njelasaken, diskusi lan ”bermain peran” (sandiwara).
3. Maos
Saged maos, yaniku saged mahami kelawan ngrespon rupanipun teks ing kang ngrupiaken dialog, prosa (sejarah, bebasan, biografi, dongeng, novel) lan geguritan (puisi, wangsalan, parikan).
4. Nyerat
Saged nyerat kangge medalaken rupi-rupi pesen (pikiran, perasaan, lan kepengenan) secara tulisan dumateng unggal karangan kelawan ngrupiaken pedoman wawancara, prosa (pengalaman, biografi, bebasan, warta, esei, surat, cerpen, lan laporan) kelawan geguritan (puisi, wangsalan, parikan).

E. Pamungkas
Wacana sastra Cerbon/Dermayu ingkang sampun dibedaraken niku kedah dosaring malih. Maksade materi pundi-pundi mawon ingkang prigel lan pantes dilebetaken teng Kurikulum SD ingkang wonten tujuan-tujuan khusus pendidikan dasar, sing awit kelas andap sampe kelas inggil. Saterase sumangga ningali Kurikulum SD lan SK/KD ingkang teng wonten teng pelajaran Basa Daerah.
Wontene wacana sastra teng wewengkon Cerbon/Dermayu niku kedahe wonten kelanjutan teng wulangan basa daerah teng sekolah. Boten wonten tujuan malih, yaniku tujuane sami-sami miara, ngembangaken, lan nglestariaken basa daerah.
Sumangga...


Bongkoh kupat jangan bendara, bilih lepat nyuwun pangampura
Bagen larang tukua jinten, bilih kirang nyuwun pangapunten
Ulam hiu sambel tomat, thank you very much

Lampiran:
Perkembangane sastra Cerbon:
I. MANGSA CERBON KUNA

1. Kakawen
Kangge basa Sansekerta ingkang nyampaur sareng basa pribumi, selajenge kasebat basa Kawi. Prosa lirik ingkang ngangge basa Kawi teng pituture kasebat kakawen. Contohe:
Awignam astu/
swasti
telas sinusun mawang sinerat sayampratar tan enti/
dening pirang sang manurat sinerat ri Sakakala/
Nawa gapura marga raja/
Eka suklapaksa/ srewana masa//
Nihan ta/ mangdadiyakna dirga yusawastisanira sang
Manurat sang amaca/
Sang anggogoh mwang sang angupakareka pustaka/
Sang tasmat yadiyan ana kaluputan athawa kasasar
Ing serat sastreki/waraksamakna ta//

(Mudah-mudahan tiada aral melintang.
Semoga selamat.
Telah disusun dan ditulis siang-malam, tiada henti-entinya
oleh sejumlah penulis.
Ditulis pada tahun Saka:
Nawa gapura masrga raja (1599 S/1677 M)
tanggal 1 paro peteng
bulan Srawana (2 Juli).
Demikianlah semoga panjang-panjang usianya, bagi
yang menulis, yang membaca,
yang menyimpan, dan yang memelihara naskah ini.
Maka apabila ada kesalahan atau kekeliruan tulisan
sastra ini,
maafkanlah)

2. Kidung
Donga ingkang diwujudaken dumateng sastra, upamie puisi utawi macapat. Kadang-ladang kidung ditembangaken, kadang-kadang diwaca. Contohe:
Rajah Kala Cakra
Yamaraja – jaramaya
Yamarani – niramaya
Yasilapa – palasiya
Yamidosa – sadomiya
Yadayuda – dayudaya
Yasiyaca – cayasiya
Yasihama – mahsiya
Yamidora – radomiya

(Hai Maharaja Jaramaya (Bhatara Kala)
Yang berniat jahat ilang kejayaannya
Yang berlebih berikanlah kepada yang membutuhkan
Yang berbuat celaka jangan kepada manusia
Yang berbuat jahat hilang kekuatannya
Yang membikin fitnah berbalik kasihan
Yang membuat kerusakan jadilah asih
Yang dibuat melarat jadilah kaya)

3. Gugon Tuwon
Asalipun saking tembung gugu (ditaati, diikuti) lan tuwa (orangtua). Gugon tuwon, yaniku ukara ingkang selebete wonten nasehat, mulang urip kelawan prilaku ingkang samustine dilakoni menusa. Contoh gugon tuwon saking Sunan Gunungjati:
- Yen sembahyang kungsiya pucuke panah
Arti kiasan : Jika sembahyang seperti ujung panah
Arti sebenarnya : Jika sholat haruslah khusyu dan tuma’nina
- Aja ngagungaken ing salira
Arti kiasan : Jangan pernah membanggakan diri
Arti sebenarnya : Tidak boleh sombong
Gugon Tuwon ingkang sipate nasehat:
- Wong salah seleh (perbuatan jahat pasti mendapatkan balasan yang setimpal).
- Apa nandure, nandur pari ya cukule pari (Balasan atau ganjaran seseorang bergantung pada amal perbuatannya).
- Wong becik ketitik, wong ala ketara (Orang benar pasti benar, orang sala pasti salah. Kebenaran pasti akan nampak).
- Tugela gulu gajah, aja tugel kita wong meduluran (Biarkan orangtua berselisih sampai terjadi perpecahan, namun kita tetap bersaudara).
- Sapa kang wekel bakal nyekel (Siapa yang rajin bakal meraih/mendapatkan)
- Gedongana koncenana wong mati mangsa wurunga (kematian adalah takdir Allah)
bebet, bibit, bobot (bahan, keturnan, kekayaan. Pilihlah yang terbaik)

Gugon Tuwon ingkang sipate nunjukaken prilaku menusa:
- Kayu mati mrambat ning kayu urip (Orang miskin menumpang idup pada orang kaya).
- Anak kang gawe kawitan, wong tuwa drema nglakoni (Perbuatan anak yang kurang baik, maka orang tua pun ikut menanggung)
- Uwoh tigel mangsa adoha sing uwite (Kelakuan seorang anak tidak jau beda dengan orang tuanya)
- Seduwur-duwure punuk mangsa ngungkalana endas (Sepandai-pandainya anak tidak mungkin melebih orangtua dalam segi pengalaman)
- Cilik anak, gede sanak (Ketika masih kecil, nasehat orangtua diturut, setelah dewasa banyak menyangkal dan berusaha mandiri)
- Cangkem wadon (Suka membicarakan orang)
- Rebut balung tan isi (berebut sesuatu yang sia-sia)
- Kembang lambe (menjadi pembicaraan masyarakat, kebaikan atau keburukannya)
- Abang-abang lambe (berpura-pura saja, asal ngomong)
- Kewilang ora keitung (terbilang, tetapi tidak terhitung. Tidak kebagian)
- Kalajengking tiba udan (Galak)

4. Jawokan
Susunanipun tembung-tembung ingkang dados satunggaling ukara, saged setunggal ukara utawi luwih ingkang gunaipun dados mantra utawi donga. Contohe:
Pitik tukung
Ngendhoga ning sore lumbung
Teka wurung teka wurung teka wurung

Slaman slumun slamet
Slata slutu watu
Setan ora doyan
Demit ora ndulit
Ilu-ilu ora kolu

Contoh jawokan saking H. Abdul Adjib (seniman tarling), yaniku Kemat Jaran Guyang ingkang melebet teng drama tarling:
Niat isun arep maca kemat jaran guyang
Dudu ngemat-ngemat tangga
Dudu ngemat wong liwat ning dalan
Sing tek kemat Nok Suratminah prawan ayu
Anake Bapa Dam kang dunyane lelantakan

Yen lagi turu gage nglilira
Yen wis nglilir gage njagonga
Yen wis njagong gage ngadega
Mlayua mbrengengenga kaya jaran sedalan-dalan

Teka welas
Teka asih
Suratminah welas asih ning badan isun

II. MANGSA CERBON TENGAHAN

1. Macapat
Wonten macem-macem pandengan sekitar asal-usulipun tembung “macapat”. Kaping setunggal, macapat niku asale saking tembung “manca+(pa)papat”. Pandengan mekoten asalipun saking pemikiran kadose “sedulur papat kalima pancer”, ingkang rupi-rupine yaniku getih, awah, badan/pancer, ari-ari, lan bungkuse.
Kaping kalih, macapat niku singkatan saking “maca papat-papat” (membaca empat demi empat suku kata), yaniku maos wacana macapat ingkang gadahipun andeghan, pedhotan (jeda) sesampune sekawan wanda (suku kata), kaping setunggal teng gatra (kalimat). Kaping ketiga, kasebate “maca wong papat”.
Perkiraane macapat sampun wonten awit tengahan abad 15 ingkang didanel para Wali, teng ahir mangsa kejayan Kerajaan Majapait lan Pajajaran.

a. Dhandanggula
Semut ireng ngendhog jroning bumi (10i)
Ana merak ndemeni buaya (10a)
Kiyong sakenong matae (8e)
Tikus pada ngidung (7ª)
Kucing gering ing kang nunggoni (9i)
Kodok nawu segara (7a)
Oli bantheng sewu (8a)
Si precil ing kang anjaga (8a)
Semut rangrang angrangsang Gunung Merapi (12i)
Wit ranti woh delima (7a)

b. Kasmaran
Isun amiwiti muji (8i)
Anebut asmaning Allah (8a)
Kang murah ing dunya reke (8e)
Tur kang asih ing akerat (8a)
Benjang dina kiyamat (7a)
Mwang para mukmin sadarum (8u)
Ngampura ning wong kang dosa (8a)


3. Mijil
Prapteng tebah Dyan Panji umeksi (10i)
Ana rare wadon (6o)
Kawistara endah suwarnae (10e)
Tinakonan wis sujarwa jati (10i)
Radian duk myarsi (6i)
Ing driya kumenyut (6u)


d. Durma
Enjing muni suwarnae wong ayuda (12a)
Kendang kelawan beri (7i)
Gong gemuruh gangsa (6a)
Dedeg kaya butulan (7a)
Pangrike kuda lan neki (8i)
Semprote obat (5a)
Sumenger amimis (7i)

e. Pangkur
Tulus mukti awibawa (8a)
Bau dengdha Sang Prabu Nyakrawati (11i)
Prabu estri sabdanipun (8u)
Marang pepatihira (7a)
Sapta ditya lan kinon ngulati gupuh (12u)
Manusa kang salah rupa (8a)
Sigaran ireng lan putih (8i)

f. Sinom
Sun besuk mariya eman (8a)
Yen wonten grananing sasi (8i)
Srengenge kembar lelima (8a)
Lintang alit gumilar sing (8i)
Sawiji tan hana urip (9i)
Mung sira kelawan isun (8u)
Matiya mungging suwarga (8a)
Naraka bareng ngleboni (8i)
Akir jaman benjang belah kelawan sira (12a)

g. Menggalang
Asung sembah Walangsungsang amit (10i)
Karsae sang katong (6o)
Iya sira wis miyanga totor (10o)
Pangeran kesa tumuli (8i)
Ing wana wus prapti (6i)
Damel pondhok sampun (6u)

h. Pucung
Bapa pucung dudu watu dudu gunung (12u)
Mencrok lambung kiwa (6a)
Cekelane kaya anjir (8i)
Pon digjaya bisa ngambah jumantara (12a)

i. Kinanti
Kembang sana mambak mawur (8u)
Kaserang kumbang dadi (8i)
Jojowan mangsa wowohan (8ª)
Deruk puter padha muni (8i)
Perkutut ngungkung ning pilang (8i)

j. Perlambang / Maskumambang
Wus kebekan wong Kuningan padha balik (12i)
Lepas lampahira (6a)
Wus prapta ing Sunan Jati (8i)
Semu merang wong Kuningan (8a)


k. Dhundhukwuluh / Megatruh
Peparinge sang naga sampun rinasuk (12u)
Ingkang aran kopyah waring (8i)
Kasiyate tan kadulu (8u)
Kalingan ing kopyah waring (8i)
Jin setane datan tumon (8o)

l. Gambuh
Saking meranging tyas ulun (8u)
Tan kaetang tumekaning lampus (10u)
Siyang dalu ngulati margining pati (12i)
Karsae Hyang Sukma Agung (8u)
Sentana bopati samya (8u)

m. Ladrang
Dosanira Arya Kuningan wus kari (12i)
Atungguwa-atungguwa (8a)
Sira negara ing riki (8i)
Isun arsa isun arsa (8a)
Arsa akesah maring Demak Negara (12a)

n. Madhengda
Asurung sinurung mentas (8a)
Pangeran Arya Kuningan (8a)
Kaliyan Dipati Kiban (8a)
Sampun dupak dinupakan (8a)

o. Lambang
Nabi Suleman wis lunta (8a)
Nggenira anjaja lemah (8a)
Ing jro bumi kalih garwa (8a)
Bumi kapisan den jajah (8a)
Pirang-pirang erong-ronge (8a)
Miwah kang sumbuk-sumbukan (8a)
Lan jagat ngelong-ngelongan (8a)

p. Sumekar
Layang puniki neggaha sanes malih (12i)
Ingkang wasta (4a)
Tikus buntuk nggih punika (8a)
Kang boten buntuk kahaksi (8i)
Tukung dadi (4i)
Barutu bae buntute (8e)

q. Balakbak
Sampun prapta Pangeran Tuban sun bakti (12i)
Ning sukue (4e)
Amit-amit kaula ayun bebakti (12i)
Pandhitae (4e)
Sun tarima panembahira ing mami (12i)
Ing angsale (4e)
r. Tuhrare
Kadi angin (4i)
Lampahe jangon lan waring (8i)
Anglir pendha kilat (6a)
Lir tatit wau ing gegebyorneki (10i)
Ing kebon pesisir prapta (8a)
s. Toya Mas
Pan Gumerah (4a)
Mukul tabuhan Sekati (8i)
Pangantene ika (6ª)
Pangulune Sunan Kali (8i)
Gumuyu Wali Sesanga (8)

2. Perlambang/Parlampita
Biasane kasebat pralampita, yaniku ngangge simbol-simbol sewaktos nyampeaken masalah ingkang wujudipun karya sastra.
Anderpati kalawisesa
Ander = duduk berjejer (antri)
Pati = mati
Anderpati = ora wedhi mati (tidak takut mati)
Kalawisesa = Batara Guru, Manikmaya, Girinata, Jagatnata, Kalawisaya
Teng zaman Pajajaran tiyang-tiyang agamane Syiwa. Tiyang-tiyang niku sagedl mbuang awa napsu, yaniku sinareng tapa-brata maring Hyang Syiwa.

3. Sandi Sastra
Pitutur ingkang sipate rusia.
Kodhok ngemuli elenge
Kodok diibarataken jiwa, sukma, rohani, nyawa.
Leng diibarataken raga, badan, jasmani.
Ngemuli maknaipun njaga, nguasai
Makna : menusa niku jiwane kedah saged njaga utawi ngendaliaken badane, aja sampe jiwa dikalahaken napsu jasmani.

4. Sasmita
Isarat ingkang diungkapaken ngangge tembung-tembung teng salebete ukara. Umume wonten teng pedalangan, nyampeaken ungkapan dalang dumateng nayaga (sasmitaning dhalang).
Njlegenek Sang Nata tedhak saking dampar dhenta, gawe gugup ning para biyada, piyak ngarep piyak mburi.


III. MANGSA CERBON ANYAR

1. Panyandra
Tembung-tembung ingkang nggambaraken suasana, sinareng ngangge ibarat.
Mripati damar kanginan
Untue mijil timun
Swarae kaya mbela-mbelahi bumi

2.Wangsalan
Asalipun saking tembung dwilingga, ”wangsal-wangsul”. Pengertiane “Jawab, pulang”. Wangsalan yaniku ukara ingkang ngungkapaken maksad utawi kepengenan kelawan ngangge tembung-tembung ingkang memper, mirip maksud.
1. Wangsalan cendhek (pendek), asale wonten tembung andaan (Kata majemuk):
Janur gunung (pupus aren), makudnya kadingaren
Balung jagal (bagal), makudnya dugal.
Nambang dhawa (uluran, mengulur), maksude ngulur-ulur.
Krikil kali (watu), maksude apa waktue bae.
2. Wangsalan lamba (jawabannipun wonteng teng lebet satunggaling ukara)
Udud cendhek pambuangan (tegesan), maksude negesaken.
Blungbang tinatur bata (sumur), maksude seumur.
Iwak dhawa saba ning leleran (welut), maksude piluluti (dituruti)
Pasar alit munggeng margi (warung), maksude wurung (batal)
Kendang cilik panepak tangan (ketipung), maksude aja mumpung.
3. Wangsalan Rangkep (ing kang disusun teng satunggaling ukara ingkang wonten maksad ganda utawi rangkep)
- Duren dawa (keluwih) gludug muni ketiga (guruh), maksadipun luwih apa yen laki guru kaula
(memiliki kelebihan apa seingga pantas menjadi sumaiku).
- Uler kambang (lintah) sela ganda pangracike jamu (pipisan). Dadiya titah kang urip mung
sepisan.
- kulit wreksa (klika) jalma ngengaken raga (tetapa). Aja kesangka-sangka yen durung nenepa
(jangan dulu menduga jika belum menyelidiki apa sesungguhnya).

4. Wangsalan Wutuh (ing kang gadahipun patokan urutan ukara, katahipun wanda lan
purwakanti):
- patrem mahisa (sungu) ulam dawa saba karang (ula). Aja dirungu bokat dadi kaipala (tak
usah didengarkan barangkali nanti malah celaka).
- carang wreksa (epang), wreksa wilis tanpa patra (priging). Ora gampang wonbg urip
kepering (seseorang dalam menjalani hidup itu tidak mudah, harus mau bersusah-payah).

5. Wangsalan Ainawung Ukara (wangsalan lan maksade manunggal teng lebete ukara):
- Pete karang rerincikan (tembara), aja gawe lara ning ati.
- Kalong alit saba gedang (codhot), sumedhot rasaning ati.
- Kendi beling wadah toya (gelas), melas temen awak ira.
- Katibabal woing gori (nangka), urip ora minangkani.
- Asem enom tuwa tanggung (cempaluk), aja kaken penjaluk.
- Pring enom rinujit miring (tutus), ngadang-ngadang putusane.
- Suket bang munggeng wuwungan (alang-alang), yen ora ana alangan.
- Toya mijil saking langit (udan), lagi nasibeng edan
- Gubug duwur tengah sawah (ranggon), urip arang ketunggon.

6. Wangsalan Sinawung Tembang (wangsalan lan maksadipun dadi wacana tembang macapat.
Sinom:
Lulub gebang pinasuhan
Kaliwat pegel kang ati
Toya leber sinenggotan
Sun lawani gobag-gabig
Centong sabin awak mami
Dadi ngecul awak isun
Balungbang tinatur bata
Seumur kula ngenteni
Sekar lumpang isun lagi asung brangta
Iwak dawa ning leleran
Wong ayu sun piluluti
Wudun gede munggeng pikang
Kebubuhan melu asih
Kembang dhadhap sun wastani
Kesepen aran balendhung
Pasar alit munggeng marga
Toya mijil saking langit
Ora wurung wekasane dadi edan.

7. Wangsalan Sawernae (macem-macem wangsalan, yaniku ing kang boten mlebet dumateng 6 macem wangsalan wau):
- Sekar donga puji jalma mugi kalilan (talil)
- Sekar laris pager ayu (payu)
- Sekar rujit lagi anggoting apa (pangot).
- Tembang warta ceceleukan (bebeluk)
- Balung pacul separan-paran (doran)


3. Parikan
Wujudipun parikan wonten sampiran lan isi. Jejer (sampiran) teng 2 ukara awal. Isi (maksud) teng 2 ukara akir:
Wedang bandrek
Wedang bajigur
Demen dewek
Ngarani batur

Manuk klacer
Menclok ning pager
Aja pinter
Kang keblinger

4. Paribasa
Ungkapan ingkang ngangge perumpamaan
Amba segara (gelem ngampura ning segala-gala)
Kebo nusu gudel (wong tuwa geguru ning wong nom, wong sugih/berpangkat
jejaluk ning wong mlarat)

5. Sanepa
Perumpamaan ingkang disusun saking tembung ingkang nggambaraken watek utawi kawontenan kelawan disambung sinareng tembung nami.
Alim kucing (meneng tapi ada karepe)
Pait madu (omongane ora bukti)

6. Ukara sesumbar
Ukara ingkang disusun saking tembung-tembung rasa kasar, ingkang tujuane dados mbakar utawi gawe amarah lawan.
Yen ngaku lanang, metua!
Arep ning gena sesek, arep ning gena kang lega, tek enteni!

7. Basa prenesan
Tembung utawi ukara utawi carios ingkang wonten makna ingkang sae utawi nawaraken, dados tiyang-tiyang liyane ketarik
Barang iki arang didagang, yen tuku ora didol, nanging yen bocah ayu kang njaluk, senajan larang tur angel luruwe, tek paasrakenang kabeh.

8. Basa Rinengga (Rineka)
Artosipun wonten sandangan supados luwih sae.
Ora kena ora
Sekedap netra, yen nginang durung abang, iduha durung asat.

IV. MANGSA CERBON MODERN

1. Geguritan teng salebete tembang macapat
Aran manuk (dalam dhandhanggula)
Sami gawok ningali wanadri
Perkutut mencrok apnge
Ana bethet lan puter
Deruk lan dara angideri
Deres alap-alapan
Aburira muluk-muluk
Engkak-engkak cingkangkak bak
Kokok beluk sinamber ine ulik-ulik
Belekok notol gagak



2. Geguritan teng salebete enelan
Tir
Jareku mampir
Mong dalane belok
Tir
Jareku mikir
Mong bli duwe embok
Babadan kali
Kembang melati
Bobadan beli
Kula enteni

3. Puisi bebas

Supali Kasim
Piwulang

dadia angin!
nylusup ning sekabeh panggonan
nyriwingaken rasa. Tan pinilih golongan

yen kaula dadi banyu. Dalan sing dipamba
senajan sing duwur, mlayu mengesor
slalu ngibungi wong cilik ning esor. Yen dipaksa muncrat menduwur!
balik maning mengesor

becik maning yen jiwa sejembare segara
nrima segala rupa. Segala rasa ditrima
dudu bae banyu bening lan iwak pating klibir
barang kotor, butek-ledreg, sampe bathang uleren
kentir lan dibasuh segara!

apa maning yen kaula milih bumi
nyukulaken tanduran, nggedeaken wiwitan
tapi, ora ngarepaken ngunduh!
aja ngresula yen badan dipaculi lan diedek-edek
dadi grijogane makhluk sekabeh

padanga lan panasa kaya srengenge!
nguwur-uwuri urip. Nguri-uripi sekabeh

tapi, yen wulan dadi pilihan
bisa gawe kaendahan. Manisaken woh-wohan
krasa sreseh lan sayang

Dermayu, 2008







Supali Kasim
Pugase Pelesir ning Pesisir

ahire lelampahe badan kaya kesered sumliwir angin
pelesir bebungah ati, mata, cangkem, lan weteng
nanging ning pesisir iki
kaya kesedot marani puser bumi
kaya kegawa ngulati jati diri

dalan, sawah, gunung, lan uma-umah
kisik, ombak, segara, lan jukung-jukung
uga dalane nasib sing awit waktu cilik
mung bisa dideleng sing kaca jero ati
mung bisa dirasa sing beninge jero batin

ning Muara Jati, ana lelamunan wong siji iki
sampe sumedot nelangsa badan
ngulati geni sing mercuasuar
mung suara sepi kelawan semedi
kembang setaman kaya muteri ning Gua Sunyaragi
keraton-keraton ning tengah ati
katon ning mata pengen dipareki
seklayab zaman semana
mung klangenan sing nyata

kemboja lan melati, sumebar aruma wangi
banyu bening mbluruk sing kendi
ning pejaratan karuhun lan wali
kaya pugase jagat ning pelesir iki
badan mung sawiji, arep miyang mendi?

Cerbon, 2007

Contoh Lagu Basa Dermayu/Cerbon:

Sumpah Suci
Ciptaan: Anonim

Sumpah suci kanggo tanda bukti
Tekad isun wis abot ning jangji
Duh dingin sekolah waktu cilik
Duwe batur setia seati

Wong tuwa kabeh ora setuju
Kang sun pilih bakal dadi mantu
Jare anake wong buruh nutu
Aja tinemu ning anak putu

Reff:
Gedongana koncenana
Wong mati mangsa wurunga
Tekad isun Cuma siji
Bagen dadi prawan sunti



Penganten Baru
Cipt.: H. Abdul Adjib

Pantes den sawang, wadon lan lanang
Si penganten
Manis meseme, karo somahe
Gawe bungah

Sing dadi lanang, sumpinge kembang
Kembang wijaya
Sing dadi wadon, sumping melati
Aruma wangi

Reff.:
Mendadene, mendadene, mendadene
Yen mlaku iring-iringan
Gawe ribut
Per beca kang jengkringan

Penganten baru, pada setuju
Penganten baru
Salaman karo tamu

Waktune lunga, numpake beca
Keliling kota
Nyenengaken
Ing kang dadi mertuane

Lair lan batin dunya akerat
Sumpah suci
Uripe bareng mengendi bareng
Sumpah jiwa


Melati Segagang
Ciptaan: Sunarto Marta Atmaja

Melati segagang
Megar ning pekarangan
Angrum aruma wangi
Langka sing nduweni

Putih suci murni
Kakang kumbang sejati
Yen pengen diparani
Cucrupen madu asli

Reff.:
Duh, sun sang kumbang
Ngerubung pengen nrajang
Aja watir aja bimbang
Bokat layu dibuang




Contoh Jawokan:

Pitik tukung
Ngendoge ning sore lumbung
Teka wurung teka wurung teka wurung

Slaman slumun slamet
Slata slutu watu
Setan ora doyan
Demit ora ndulit
Ila-ilu ora kolu

Contoh jawokan dados lagu:
Kemat Jaran Guyang
Ciptaan: H. Abdul Adjib

Niat isun arep maca kemat jaran guyang
Dudu ngemat-ngemat tangga
Dudu ngemat wong liwat ning dalan
Sing tek kemat Nok Suratminah prawan ayu
Anake Bapa Dam kang dunyane lelantakan

Yen lagi turu gage nglilira
Yen wis nglilir gage njagonga
Yen wis njagong gage ngadega
Mlayua mbrengengenga kaya jaran sedalan-dalan

Teka welas
Teka asih
Suratminah welas asih ning badang isun

Contoh Macapat:
1.

1 komentar:

statistik